Eling Lan Waspada Renungan Harian 15 Juli 2020

15 July 2020

Waosan : Obaja 1 : 15 – 21 │ Pamuji : KPJ. 188 : 1
Nats: “Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat, sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira, panggawenira bakal bali nampek marang sirahira dhewe.” (Ay. 15)

Sapa sing nandur bakal ngundhuh, tegesipun sinten ingkang tumindak becik lan nresnani sesaminipun bakal dipun tresnani dening sesaminipun ugi. Kosok wangsulipun bilih kita asring sengit dhateng sesami, tamtu tiyang sanes ugi badhe sengit kalian kita. Limrahipun ingkang kelampahan wonten gesangipun manungsa mekaten, ananging ingkang kedadosan asring mboten sami kalian pangajeng-ngajeng kita. Ing sawetawis wekdal kita sampun tumindak becik, ananging tiyang sanes tumindak awon dhateng kita. Punapa ingkang dados gegambaraning gesang manungsa punika sampun dipun alami dening bangsa Israel lan bangsa Edom.

Nalika bangsa Israel mbalela dumateng Gusti Allah, bangsa Edom kaparingan wekdal celak kalian bangsa Israel supados mratobat. Ananging bangsa Edom malah nindhes lan nguya-uya bangsa Israel, karana rumaos dados pangwasa nglangkungi bangsa Israel. Bangsa Edom lajeng gumunggung, mboten perduli kalian bangsa Israel. Nguningani kasunyatan ingkang mekaten Gusti Allah duka kalian bangsa Edom. Lajeng Gusti Allah ngutus nabi Obaja ngengetaken bangsa Edom lan maringi panglipuran  bangsa Israel. Lumantar nabi Obaja kawartosaken bilih Gusti badhe maringi paukuman tumrap bangsa Edom awit sampun mbalela lan nindhes bangsa Israel (ay. 15). Lumantar nyatunggilaken bangsa-bangsa sanes. Bangsa-bangsa punika sami perang nglawan bangsa Edom. Ing pungkasan bangsa Edom kalah lan katidhes kados ingkang nate dipun alami dening bangsa Israel. Nalika Gusti ngukum bangsa Edom mboten karana Gusti mboten remen kalian bangsa Edom ananging karana Gusti ngatingalaken kaadilanipun lan katresnanipun tumprap sedaya manungsa.

Gesangipun bangsa Israel lan bangsa Edom punika dados gegambaran gesang kita, supados kita tansah eling bilih gesang kita punika kagunganipun Gusti. Pramila kita kedah tansah ngupadi kabecikan, sanadyan tiyang sanes mboten mbales kabecikan kita. Lan kita kedah tansah waspada supados saged ngemudheni diri mboten ngantos tumindak ala, langkung-langkung mbales utawi ngukum tiyang sanes. Karana paukuman punika dados wewenangipun Gusti. (Ry)

“Tumindak becik nguntungake, tumindak ala ngrugekake”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak