Allah Perduli Renungan Harian 15 Juli 2019

15 July 2019

Waosan : Ayub 24 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 68 : 1 – 2
Nats
: “Wong miskin padha disingkang-singkang, wong kesrakat ing sajroning nagara kepeksa padha ndelik kabeh.” (ayat 4)

Wonten ing pengangen-angen kita mbok menawi asring menggalih, “la, iya wong uripe jelas murang tata, blunat, daksiya kok isih seger waras kepara makmur lan mulya, sakjane Gusti Allah iki piye?” Protes mekaten punika kita aturaken awit kita ingkang rumaos sampun lumampah wonten ing margining kaleresan, margining kayekten gesang taksih rekasa malah asring nandhang kaprihatosan. Pikakenipun, punapa kasinggihan tiyang ingkang gesangipun murang tata, blunat, daksiya, gesangipun tentrem. Punapa kasinggihan Gusti Allah mboten ngrimati gesang kita? Pancen awit kemajenganing jaman, katahipun pawartos kejahatan, pawartos korupsi, ingkang kita tingali saking media elektronik lan ing televisi nuwuhaken pitakenan teologis, “Ana ngendi Gusti Allah, kena apa Gusti Allah ora tumindhak nalika kasangsaran dialami dening wong kang ora salah? Kena apa Allah ora ngukum pelaku kejahatan?”

Pitaken ingkang sami ugi dipun aturaken dening rama Ayub, awit nyekseni kejahatan-kejahatan wonten ing donya ( ayat 2-16), rama Ayub nyuwun pirsa, malah sambat dhateng ngarsanipun Allah, kenging menapa Gusti Allah mboten tumindhak. Rama Ayub bingung awit kados-kados ngejaraken tumindhak mboten adil ngrembaka ( ayat 1,17). Ananging Rama Ayub lajeng sadar bilih tiyang ingkang daksiya, mboten adil badhe aben ajeng kalian ukum pati (ayat 18-20), Ayub pitados Allah mesthi tumindhak miturut wekdal lan rancangani-Pun.

Sejatosipun Allah ingkang kita sembah lan kita bekteni punika Allah ingkang perduli, perduli dhateng kasangsaranipun manungsa, perduli dhateng ingkang nampeni kaprihatosan lan kasangsaran, perduli dhateng tiyang ingkang dipun nistha. Gusti ingkang perduli punika Gusti ingkang tumindhak lan mitulungi. Mila wonten ing kawontenan ingkang mboten ngremenaken kalawau kita kedahipun tetep sumendhe dhateng ngarsanipun. Dhumateng tiyang ingkang lampah durjana, Gusti angrantos kanthi welas asih lan katresnan supados mratobat lan dados sae, dene menawi taksih wangkot batosipun, Gusti Allah badhe paring piwucal ingkang indah. (Jian)

“Allah perduli, Allah ingkang ngrimati”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak