Setya Netepi Timbalan Renungan Harian 15 Juli 2018

15 July 2018

Waosan: Amos 7:7-15 I  Pamuji: KPK.141:1,2,3.
Nats: “Nanging Gusti nimbali aku saka ing panggaotanku angon wedhus, lan dipangandikani mengkene: Sira lungaa, medhara wangsit marang umatingSun Israel.” (ayat 15)

“Ana sing ngomong: ‘Masia akeh banget wong sing seneng karo awake dhewe, mesthi ana sing ora seneng. Masia akeh wong sing ora seneng karo awake dhewe, mesthi isih ana sing seneng karo awake dhewe.’ Iki artine mokal nyenengne kabèh wong. Pancen ya lumrah nèk ora bisa nyenengake kabèh wong, sabab wong akèh kuwi macem-macem kesenengane lan kepentingane. Mesthi ana sing beda kesenengane lan kepentingane karo aku. Dadi nèk ana sing ora seneng karo aku, ya lumrah.”

“Nabi Amos ya ana sing ora nyenengi, yaiku Amazia, Imam ing Betel. Nabi Amos didakwa golèk bayaran srana anggone ngabarake wangsite (sabdane) Gusti. Amos nganti ditundhung saka Betel, dikongkon lunga menyang Yehuda. Tapi ketoke Amos ora perduli karo omongane Amazia. Masia wangsite Gusti sing dikabarake ora nyenengake Amazia lan raja Yerobeam, Amos tetep ngabarake wangsit iku. Sing penting kanggo Amos, nglakoni apa sing dadi timbalane Gusti, sabdane Gusti; sing penting olèhe nglakoni timbalane Gusti dilakoni kanthi tulus, tanpa pamrih apa-apa. Amos kandha: ‘Aku iki dudu… nabi… aku iki mung pangon…’ Nèk ngono Nabi Amos olèhe nglakoni timbalane Gusti dilakoni kanthi andhap asor, tapi ya tenanan.”

“Aku kelingan karo apa sing dilakoni dening Gusti Yesus. Mulai pertama nganti saiki ora sethithik wong sing ora seneng karo sing dilakoni Gusti Yesus. Mangka sing dilakoni Gusti Yesus iku bener, sampurna, lan ya kanggo keslametan, katentreman lan kabungahane manungsa. Ngono lho kok isih akeh sing ora seneng. Tapi Gusti Yesus tetep setya nglakoni pakaryane nganti disalib.”

“Dadi nèk ana wong sing ora seneng karo sing tak lakoni, ya wis bèn. Aku dianggep rèmèh, ya bèn. Sing penting apa sing tak lakoni bener, cocok karo sabdane Gusti. Sing penting olèhku nglakoni ya kanthi tulus lan andhap asor. Muga-muga Gusti karenan karo kelakuanku.” [st]

“Tak pisungsungake tumindakku kagem kaluhurane Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak