Waosan: 1 Samuel 9 : 27 – 10 : 8 | Pamuji: KPJ. 144
Nats: “Samangsa kowe katekan pratandha iki, lakonana apa bae kang tinemu dening tanganmu, amarga Gusti Allah nunggil karo kowe.” (Ayat 7)
Wonten ing gesang padintenan, tamtunipun kita nate mireng cariyos bab pratandha ingkang dipun akeni nggadhahi makna. Contonipun bilih wonten tiyang ingkang ketiban cecak punika artosipun badhe ngalami bilai. Bilih wonten idep (bulu mata) ingkang rontok punika artosipun wonten tiyang ingkang saweg kangen kaliyan kita. Kathah malih bab-bab ingkang kados mekaten, punapa malih bilih sampun wicantenan prekawis impen. Kathah sanget impen-impen ingkang dipun ramesi dados prekawis ingkang badhe kalampahan wonten ing gesangipun manungsa, sae punika prekawis ingkang becik utawi ala. Senaosa punika namung pratandha ingkang alami lan limrah, ananging saperangan tiyang pitados bilih pratandha punika nggadhahi makna tumrap punapa ingkang badhe kalampahan ing gesang salajengipun.
Waosan kita samangke nyariosaken Saul ingkang kapiji dening Gusti Allah dados raja Israel. Ananging, Saul mboten siap nampi jejibahan punika amargi rumaos bilih piyambakipun punika mboten pantes jumeneng raja. Punika dipun alami Saul karana ngrumaosi bilih asalipun saking suku paling alit ing antawisipun suku-suku Israel. Kagem mbombong manahipun Saul, lajeng Samuel paring pratandha tumrap Saul supados piyambakipun pitados bilih Gusti Allah ngersakaken Saul jumeneng raja Israel. Tamtunipun, pratandha punika mboten namung pratandha ingkang awu-awu. Pratandha punika ugi nedahaken bilih Gusti Allah nunggil kaliyan Saul. Bilih Gusti Allah sampun nunggil kaliyan Saul kamangka punapa kemawon ingkang dipun lampahi dening Saul tansah kalampahan kanthi sae lan lancar. Punika wujud panganthi lan panguawos ingkang dipun paringaken Gusti Allah tumrap umat kagunganipun, mliginipun Saul.
Ing gesang kita saben dinten, tamtunipun kita nate rumaos kawratan karana prekawis-prekawis ingkang kalampahan ing pigesangan kita. Punika prekawis ingkang manusiawi, ananging kita kedhah pitados bilih Gusti Allah mboten badhe negakaken lan nilar kita ing sadhengah prekawis. Kados dene ingkang sampun kalampahan wonten ing pigesanganipun Saul, mekaten ugi badhe kalampahan ing pigesangan kita sami. Sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng ing pigesangan punika, punapa kemawon ingkang kedhah kita adhepi sampun ajrih lan sumelang karana Gusti tansah nunggil kaliyan kita. Amin. [DAR].
“Gusti Allah wonten ing sadhengah prekawis.”