Waosan : 1 Yokanan 5 : 13 – 21 | Pamuji : KPJ 123
Nats: “Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani”[ayat 14]
Magetan punika sawijining tlatah ing celakipun Gunung Lawu ingkang kagungan wisata Tlaga Sarangan. Samangke, tujuan wisata ing tlatah Magetan boten namung Tlaga Sarangan. Kathah tujuan wisataa wujud resto, resort, lan sapanunggalanipun ingkang mapan ing ereng-erenging gunung. Wonten salah satunggaling resto ingkang kawastanan Mbah Djo Ressort.
Mbah Djo Ressort punika kombinasi antawisipun resto kaliyan outbond. Wonten salah satunggaling jinis outbond kawastanan PIT ANGIN (pit = sepeda onthel). Menawi kita nge-pit, biasanipun kita nge-pit wonten ing margi, ananging Pit Angin punika boten kados mekaten. Kita kedhah nge-pit wonten ing nginggil! Wonten kabel ageng ingkang radi panjang katata dados rel / track. Kabel ageng punika kabeber wiwit panggenan start ngantos dumugi gumuk ing ngajengipun watawis 500 m. Ing ngandhapipun kabel ageng punika wonten perangan ereng-ereng utawi jurang alit. Kita kedhah mancal sepeda utawi pit kalawau wonten ing rel / track punika. Menawi boten tatag, saestu pucet lan gobyos, awit tom-tomen ningali jurang alit ing sakngandhapipun kabel ageng kalawau.
Tatag ing pracaya punika perkawis ingkang boten gampil. Para tiyang ingkang nge-pit kalawau kedhah tatag. Mekaten ugi nggen kita nyenyuwun dhumateng Gusti. Wonten syaratipun, inggih punika panyuwun ingkang nyondhongi ing karsanipun. Kita boten mangertos, kados pundi panyuwun ingkang nyondhongi. Awit kita boten mangertos, pramila kita kedhah tatag. Tatag punika perkawis manah ingkang tansah sumadya nampeni punapa kemawon ingkang Gusti paringaken minangka wujud sembadaning panyuwun kita wonten ing ngarsanipun. Kenging punapa kedhah mekaten? Awit gegayuhanipun manungsa boten sami kaliyan karsanipun Gusti Allah. Menawi boten tatag lan namung ningali ingkang awon, kita saged dhawah wonten ing juranging gesang kita, minimal wonten ing ereng-erenging jurang. Menawi sampun dhawah, biasanipun kita lajeng mungel : “Gusti menika nguciwani!”
“Sampeyan kudu madhep ngarep, nek ndelok ngisor mesthi wedi!”. Mekaten welingipun tiyang ingkang njagi wahana PIT ANGIN kalawau. Manungsa kedhah terus nglampahi gesangipun kanthi tatag. Tansah optimis srana mandeng ing Gusti. Sing tatag! [dix]
“Tanggon lan tatag srana wigati gesang kapitadosan“