Waosan : Hakim-hakim 4 : 1 – 16 | Pujian: KPKA 91 : 1, 3
Nats: “Pangandikane Ibu Dhebora: Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon…..” [ayat 9]
Birute Marija Galdikas, priyantun pertama saking Jerman ingkang dados aktivis kangge nylametake Orangutan ing Kalimantan. Piyambakipun kagungan tekad kang kuat kangge nylametake Orangutan ing Kalimantan awit kewan menika sampun badhe punah. Kathah tiyang sami mburu Orangutan lan ngrisak ekosistem kangge gesangipun Orangutan.
Ing salebeting ngupadi ayahan punika pambengan-pambengan ingkang dipunadhepi kathah. Galdikas pepanggihan kaliyan tiyang naminipun Leakey ingkang mangu-mangu nalika nampi ide saking Galdikas kangge neliti lan nylametake Orangutan. Ananging Leakey saged mirsani tekadipun Galdikas amargi Galdikas gati saestu dhateng Orangutan. Mila Leakey pitados bilih Galdikas saged dados penggerak ing ayahan punika. Kekalihipun lajeng ngedhekake ‘Kemah Leakey’ lan sami nyebaraken informasi bab Orangutan punika dhumateng masyarakat.
Mbokbilih kita mboten kados Ibu Dhebora ingkang dados Hakim utawi Galdikas minangka ilmuwan. Sanadyanta makaten, kita saged dados penggerak kangge ndadosaken donya punika papan kang tentrem dipunpanggeni. Contonipun, kita saged dados penggerak ing keluarga kita ngurangi sampah plastik, mboten ngginakaken tas kresek utawi sedotan plastik malih. Kita saged ngajak kanca-kanca kita manut ‘pola hidup sehat’, ngaryakake karangan kangge nandur tanduran kang dipunbetahaken sadinten-dinteng kangge program ‘ketahanan pangan’. Awit kita sakpunika mboten malih namung perang kaliyan senjata kemawon ananging ugi kaliyan jaman kang sansaya tuwa lan kawontenanipun jagad kang risak krana ‘pemanasan global’. Sisera (Musuh) kita punika samangke mboten awujud tiyang, ananging kasrakahan kang ngrisak jagad. [iezie]
Pandonga: Mugi Gusti sageda ngagem kula dados penggerak samubarang panggawe becik. Amin.