Rungokna Pangandikannya Pancaran Air Hidup 15 Februari 2026

15 February 2026

Waosan: Mateus 17 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 435
Nats: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku Sira Rungokna.” (Ayat 5)

15 Februari 1965, pamrentah Kanada ngesahaken gendera nasional enggal “Maple Leaf”, ingkang dipun ginakaken ngantos dinten samangke. “Gendera nasional enggal punika minangka simbol kamanunggalan, pramila tan saged kabantah, punika makili sadaya warga Kanada tanpa pambeda rasis, basa, kapracayan ugi pemanggih.” Punika sambutanipun Maurice Bourget, juru wicara Senat nalika acara pengesahan. Ewah-ewahan punika paring pratandha babak enggal negari Kanada. Sinaosa taksih dados negari anggota Persemakmuran Inggris, Kanada saged nuwuhaken raos kamanunggalan kangge warganipun. Gantos gendera tumrap negari dados pratanda wonten semangat enggal ingkang badhe dipun tindakaken dening pamrentahan kangge para warganipun.

Nabi Musa lan Nabi Elia dados tokoh penting kanggenipun Israel. Nabi Musa mimpin Israel medal saking tanah pangawulan Mesir tumuju Kanaan. Nabi Elia kondang awit nindakaken kathah mukjijat ing satengahipun bangsa Israel. Pramila, prastawa Gusti Yesus katon santun cahya dipun kantheni rawuhipun Nabi Musa lan Nabi Elia wonten sanginggilipun gunung nedahaken bilih punika prastawa ingkang endah lan luhur. Ingkang ugi ngemutaken bab sowanipun Nabi Musa ing ngarsanipun Gusti ing gunung Sinai. Langkung malih, wonten swanten saking swalikipun mega ingkang ngandika, “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Iku Sira Rungokna.” (Ay. 5). Swanten kasawargan ingkang ngumandang punika dados pratanda bilih Gusti Yesus punika pribadi ingkang ngungkuli Nabi Musa lan Elia. Saking ngriku, para sakabat sami dipun utus ngestokaken sadaya pangandikanipun Gusti Yesus, Sang Masih ingkang ngluwari manungsa saking telenging dosa. Sadaya ingkang sami midhangetaken Sabdanipun lan ngestokaken karsanipun Gusti Yesus pinesthi tumuju kawilujengan.

Punapa kita saged mirengaken Gusti lan ngestokaken sabda lan karsan-Ipun, sinaosa kita kedhah kecalan prekawis ingkang ngremenaken gesang kita? Nindakaken Sabdanipun Gusti kanthi sampurna pancen sanes prekawis ingkang gampil, nanging Gusti piyambak ingkang sampun dhawuh, kadosa pundi kedhah kita lampahi. Gusti Yesus sampun paring tuladha, karsa ngrawuhi jagad ingkang peteng, karsa kangelan, paring pepadhang lan nebus manungsa saking dosa. Sumangga kita pitados bilih Gusti Yesus Sang Pepadhanging Jagad paring kasagedan kangge kita nglampahi timbalan kita punika. Amin. [jarwi].

“Rungokna pangandikan-Nya, aja padha semaya!” – KPJ 435

Renungan Harian

Renungan Harian Anak