Aja Cedhak Kebo Gupak! Pancaran Air Hidup 15 Februari 2025

15 February 2025

Waosan: Jabur 1 : 1 – 6  |  Pamuji: KPJ. 435 : 1
Nats: “Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok, nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.” (Ayat 1-2)

Kanggenipun tiyang Jawi, kita tamtu mboten asing kaliyan ukara: “Aja cedhak kebo gupak!” Ukara punika ngemu pangertosan supados kita mboten sesambetan kaliyan tiyang ingkang damel prekawis awon. Nanging, ing satunggal sisih kita kasuwun supados mboten pilih-pilih anggenipun kekancan. Punapa punika lajeng cengkah kaliyan timbalan ‘aja cedak kebo gupak?’ Mboten! Kekancan kaliyan sadaya tiyang punika ngemu timbalan anggen kita kekancan punika mboten perlu pilih-pilih bab suku lan agama. Ananging anggen kita kekancan punika perlu nenimbang, pundi kanca ingkang saged ndadosaken gesang kita sansaya sae lan tuwuh, pundi kanca ingkang saged dawahaken gesang kita tumuju karisakan.

Juru Mazmur mratelakaken supados anggen kita srawung punika nebihi tiyang ingkang tumindak awon. Ing ayat 1 kasebataken ‘rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka’. Tembung punika kagungan teges: sepisan, inggih punika ‘laku’. Tiyang lumaku punika tegesipun anggen sesambetan mboten patos bebles, namung sinambi lumampah. Kaping kalih inggih punika ‘ora ngambah dalane wong dosa’. Tembung ngambah menawi wonten ing Alkitab TB LAI ngginakaken tembung ‘berdiri’. Menawi kalawau sesambetanipun sinambi lampah, ingkang kaping kalih sesambetanipun manggon lan mandheg. Sesambetan ingkang kalih linangkung bebles, awit katindakaken kanthi manggon utawi mandheg. Dene ingkang kaping tiga ‘ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok.’ Tingkatan ingkang kaping tiga sesambetan ingkang linangkung bebles, inggih punika sapajagongan. Saking marupi-rupi tingkatan, kita sinau bilih kita kedah ngendaleni sesambetan badhea ingkang bebles utawi ingkang mboten bebles kaliyan tiyang ingkang tumindak awon.

Ingkang winastanan rahayu miturut juru mazmur inggih punika tiyang ingkang karem dhateng angger-anggeripun Sang Yehuwah sarta tansah dipun gilut-gilut rina lan wengi. Sesambetan kaliyan Gusti, inggih punika tansah nggegilut angger-anggeripun Gusti. Punika badhe mbeta kita nuju dhateng kasaenan, kados dene wit ingkang tinandur wonten ing pinggir lepen, ingkang badhe metokaken wohipun ing kala mangsanipun. Amin. [ANS].

“Kaliyan sinten gesang kita rinaket nemtokaken tuwuh lan wohing gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak