Waosan: 1 Yokanan 1 : 3 – 10 | Pamuji: KPJ. 178
Nats: “Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan.” (Ayat 5)
Punapa panjenengan nate mlampah ing satengahing wana wekdal dalu tanpa ngasta dilah? Tamtunipun punika prekawis ingkang ewet sanget. Senaosa taksih saged mirsani karana soroting rembulan, ananging namung katingal remang-remang. Saged kemawon kita lajeng dhawah karana kesandhung sela, kepleset lan ngalami prekawis sanesipun. Dereng malih bilih kepanggih kaliyan sato kewan, contonipun sawer. Kathah bebaya ingkang mboten kita sadari lan mboten saged kita pirsani, temahan kita mbetahaken pepadhang supados mboten ngalami kacilakan.
Punapa ingkang dipun serat wonten ing waosan kita punika, nedahaken bilih Gusti Allah punika sumbering pepadhang wonten ing jagad punika. Manungsa ingkang mboten wanuh kaliyan Gusti Allah kagambaraken kados dene tiyang ingkang mlampah ing satengahing wana wekdal dalu tanpa ngasta dilah. Gesangipun tamtu gampil dhawah ing panggodha lan pacoben ing donya. Kosokwangsulipun, bilih kita gesang rumaket kaliyan Gusti, tamtunipun gesang kita tansah tinuntun ing pepadhang. Sabdanipun Gusti ingkang kaserat ing Kitab Suci punika dados dilah ingkang saged madhangi lampahing gesang kita. Langkung malih, sintena tiyang ingkang tansah rumaket kaliyan Gusti tansah tinebihaken saking tumindak dosa. Karana gesang ing ngarsanipun Gusti punika dados gesang ingkang kebak pepadhang lan mboten kadunungan pepeteng babar pisan.
Kita umat kagunganipun Gusti Allah sampun nampi kanugrahan ingkang adi, inggih punika rawuhipun Gusti Yesus ingkang mbirat dosa lan kalepatan kita. Kita sampun dipun uwalaken saking pepetenging donya punika. Awit saking punika, sampun ngantos kita para umat ingkang sampun tinebus lan tepang kaliyan pepadhang punika lajeng gesang ing pepeteng malih. Sumangga kita tansah rumaket kaliyan Gusti Allah ing gesang kita saben dintenipun, supados gesang kita punika mboten mblasar lan kita saged nyingkur sedaya prekawis-prekawis ingkang ala, ingkang saged ndhawahaken kita dhateng dosa. Gusti Allah pepadhanging jagad tansah kersa madhangi gesang lan pigesangan kita para umat kagungan-Ipun. Amin. [DAR].
“Gesang dados Putra-putraning pepadhang.”