Yen Nerak Bisa Cilaka Renungan Harian 15 Februari 2021

15 February 2021

Waosan : Pangentasan 19 : 7 – 25 | Pamuji : KPJ. 203 : 1
Nats:
Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: “Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung … ” (Ay. 12)

Saking Ampelgading dhateng kitha Malang punika marginipun kathah ingkang risak. Tamtu kemawon kangge para pengendara kendaraan bermotor punika mbebayani sanget. Pramila asring margi ingkang risak punika dipun paringi tandha kresek, tali rafia, sela, ugi drum. Angkahipun menawi wonten tiyang ingkang nglakungi margi kalawau saged ngati-ati, satemah mboten cilaka. Senaosa mekaten, nggih wonten kemawon tiyang ingkang nerak tandha kalawau satemah ngalami kacilakan, dawah. Tiyang ingkang nerak kalawau saged kemawon awit ngantuk, satemah boten mangertosi menawi ing ngajengipun wonten tandha. Saged kemawon tiyang nerak kalawau pancen sengaja, awit nyepelekaken tandha ingkang dipun pasang. Punapa kemawon alasanipun, sedaya ingkang nerak tandha ingkang kapasang kalawau tamtu badhe ngalami kacilakan.

Gusti Allah paring dawuh dhateng Nabi Musa, Panjenenganipun badhe tumedak wonten ing redi Sinai, kanthi kairing gludhuk, bledhek, mendung ingkang kandhel lan suanten kalasangka. Pramila Gusti Allah ngendikan supados Nabi Musa masang pager ing saubenging redi Sinai, minangka tenger bilih bangsa Israel mboten angsal minggah wonten ing redi punika. Sinten kemawon ingkang minggah badhe nampi paukuman pati. Ingkang angsal minggah dhateng redi Sinai punika namung Nabi Musa. Gusti Allah ngendikan ingkang sowan dhateng Panjenenganipun, kedah nyuceni diri langkung rumiyen. Lan ingkang saged nindakaken namung Nabi Musa. Pramila pager kalawu sejatinipun minangka tandha katresnanipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel.

Kathah pranataning Gusti Allah ing gesang punika kados tandha utawi pager ingkang kapasang, supados kita mboten cilaka. Ananging ing kasunyatanipun kita asring sengaja nerak pager kalawau satemah dumawah wonten ing dosa. Menawi sampun nampi bebendunipun dosa lajeng sambat, bengak-bengok, sarta maido Gusti. Estunipun sampun cetha sanget bilih Gusti Allah tresna dhateng manungsa lumantar tandha utawi pager ingkang wujudipun pranatan supados kita mboten dawah ing dosa satemah tinemu cilaka. Sampun ngantos kita nerak pranataniPun Gusti. (GIK)

 “Yen wis enek tandhane aja diterak, marai cilaka”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak