Waosan : Jabur 119 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 96
Nats: “Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah” (Ay. 1)
Ing sadaya papan ing donya punika, mesthinipun wonten aturan-aturan ingkang dipun damel kangge mranata gesangipun manungsa. Aturan punika dipun damel supados lelampahaning gesang sesarengan, sae ing brayat, pasamuan lan masyarakat saged tumata kanthi sae lan nuwuhaken katentreman saha kawilujengan. Karana punika ing satengah-tengahing gesang ing bangsa negeri punika wonten aturan-aturan baku ingkang boten saged dipun gantos, ananging ugi wonten aturan-aturan ingkang saged dipun gantos (revisi) supados relevan/sesuai kaliyan kawontenaning jaman ingkang sampun berubah.
Anggenipun Gusti Allah paring angger-angger arupi Toret dhateng bangsa Israel supados gesang umatipun punika saged tata lan katebihaken saking dosa lan tumindhak ingkang nyilakani diri pribadi lan tiyang sanesipun. Gusti Allah paring dhawuh Pangandika, ingkang saged dados aturan lan larangan ingkang kedah dipuntaati lan dipun lampahi salebeting gesang. Tumindak manut dateng Pangandikanipun Gusti tamtu badhe dadosaken kita sangsaya mangertos karsanipun Gusti dateng kita. Kita badhe katebihaken saking cilaka lan paukuman saking Gusti.
Juru Mazmur ngarosaken bilih Toretipun Gusti Allah punika saged dados tuntunan kangge piyambakipun lan bangsa Israeal. Kasebataken tiyang ingkang rahayu inggih punika tiyang ingkang lumampah ing margining Gusti. Tiyang ingkang gesangipun tansah netepi angger-anggeripun Gusti sarta tiyang ingkang mbangun miturut dhateng pranatanipun Gusti. Juru Mazmur ngraosaken kabingahan amargi sampun nampi Toret saking Gusti Allah. Inggih punika dhawuh pangandika ingkang saged dados pranata gesang padintenanipun para umat. Begja wong sing resik uripe, sing uripe manut angger-anggere Allah. Tegesipun Juru Mazmur pitados bilih Gusti Allah tansah mberkahi lan nuntun dateng sintena kemawon ingkang tansah setya tuhu ngugemi dhawuh pangandikanIpun. Pramila, mangga kita tansah nggegilut dhawuhipun Gusti, ugi nglampahi kanthi suka bingah. (dvd).
“Dhawuh Pangandika Paduka, Dhuh, Gusti, ingkang mbingahaken kawula!”