Midangetaken Lan Mratobat Pancaran Air Hidup 15 Desember 2024

15 December 2024

Waosan: Lukas 3 : 7 – 18  |  Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Aliya saka iku isih akeh piwulange kang diparingake sajrone nggelarake Injil marang wong akeh.” (Ayat 18)

“Lho kok malah klosotan, ayo Le ndang di sapu omahe.” “Nduk, piringe ndang dikorahi, kok malah dulinan HP wae”. Prekawis ingkang kados mekaten punika asring kita pirsani ing gesang padintenan. Kados pundi tiyang sepuh tansah ngengetaken putra-putranipun supados mboten kesed utawi males anggenipun nglampahi punapa ingkang dados tugas lan tanggel jawabipun. Para putra punika sejatosipun saged nglampahi sadaya tugas ingkang wonten, ananging kadang kala saged kesupen, utawi saged keslimur karana karemenanipun piyambak. Krana punika tiyang sepuh tansah ngengetaken, dampingi lan paring pitedah/ nasehat supados para putra punika seken, tekun, kanthi bingahing manah nglampahi tugas tanggel jawabipun.

Waosan dinten punika nyariosaken Yokanan Pambaptis ingkang nimbali para tiyang Yahudi supados mratobat lan nglampahi punapa ingkang dipun karsakaken Gusti. Tiyang-tiyang Yahudi rumaos bilih piyambakipun punika tedak turunipun Rama Abraham, ingkang mesthi nampi kawilujengan. Pemanggih ingkang kados mekaten ndadosaken para tiyang Yahudi punika tumindak miturut pikajengipun piyambak lan mboten purun nggatosaken punapa ingkang sejatosipun dados karsanipun Gusti. Yokanan kanthi teges paring pitedah bilih kapitadosan ingkang mekaten punika mboten badhe ndadosaken para tiyang Yahudi punika nampi kawilujengan. Namung gesang kanthi iman dhumateng Gusti Allah kemawon ingkang dadosaken piyambakipun nampi kawilujengan. Gesang ingkang kebak sih katresnan, peduli dhateng sesami, kebak kabecikan, punika minangka tanda pitobat. Mila Yokanan Pambaptis tansah sengkut anggenipun nimbali lan mbabaraken punapa ingkang kedah dipun lampahi dening tiyang Yahudi supados dados umat kagunganipun Gusti ingkang sejati.

Cariyos Yokanan Pambaptis punika paring piwucal kangge kita. Sepisan, kita dipun engetaken bilih ing satengahing pigesangan saged ugi kita luwar saking karsanipun Gusti, mboten ngener margi ingkang bener. Krana punika, kita kedah enggal sadar lan mratobat. Kaping kalih, kita kedah nglampahi karsanipun Gusti Allah kanthi sengkut minangka tanda pramatobat kita lan minangka paseksi sarta tuladha dhateng tiyang sanes. Sampun ngantos kita ajrih anggenipun martosaken kasaenan lan kabeneran dhateng sesami. Sampun kuwatos, Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasagedan dhateng kita. Amin. [Sungsang].

“Aja nganthi kaineban lawang tobat!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak