Waosan: Mikha 4 : 8 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 264
Nats: “… sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.” (Ayat 10c)
Sampun sawetawis wekdal kita sami mirengaken utawi mirsani wonten pejabat ingkang kenging Operasi Tangkap Tangan (OTT) dening KPK, lajeng dipun adili, lan kakunjara. Para pejabat punika kakunjara amargi saking kalepatan ingkang katindakaken. Padatan menawi tiyang-tiyang punika nampi remisi lajeng kaluwaran saking paukuman ingkang kedah kasanggi, mesthi rumaos bingah sanget.
Lumantar waosan kita ing dinten punika, Nabi Mikha dawuhaken bab kasangsaran ingkang badhe tumama dhateng Yerusalem, kanthi dawuh bilih warganipun badhe kaboyong dhateng Babil. Kasangsaran ingkang dipun alami dening umat Israel kagambaraken kadosdene tiyang estri ingkang badhe babaraken putra. Ananging kasangsaran punika boten dangu lan boten salami-laminipun. Umat Israel badhe kapitulungan lan kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, awit Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman dhateng bangsa-bangsa ingkang nglawan dhateng Yehuda. Pangeran Yehuwah badhe nindakaken pangadilan (ay. 11-12). Nalika umatipun Allah ngawonaken mengsah, sedaya barang darbe ingkang dipun nggadahi saking peperangan, dipun yakini dados kagunganipun Pangeran Yehuwah ingkang sampun maringi kamenangan. Pramila saking punika barang darbe gadahanipun bangsa ingkang dipun kawonaken kedah kapisungsungaken/ kasaosaken dhateng Pangeran Yehuwah.
Kasangsaran ingkang kita alami saged ugi karana dosa-dosa ingkang kita tindakaken, ananging saged ugi karana bab-bab saking sakjawining gesang kita. Menawi punika kedadosan ing gesang kita, kita kedah mawas diri lan ngrumaosi agenging dosa kita saha mratobat dhateng Pangeran Yehuwah. Panjenenganipun mesthi mitulungi lan paring pangluwaran, awit Pangeran Yehuwah boten ngersakaken umat-Ipun nemahi karisakan, ananging ngalami gesang ingkang kebak katentreman, kraharjan saha nggadahi gesang langgeng. Pangeran Yehuwah ngersakaken umat-Ipun nampeni pangluwaran lan sanes paukuman. Pramila saking punika ing salebeting kita ngantos-antos rawuhipun Gusti, ing minggu-minggu Advent punika, kita katimbalan tansah cecawis, mliginipun nyawisaken gesang kita kanthi tansah mawas diri, mratobat, lan tansah kebak saos sukur, supados kita pinanggih sembada nampeni rawuhipun Gusti Yesus. Amin. [SS].
“Kaslametan wit sih-rahmat sinrahken mring jagad. Karaharjan kang sanyata pinaringken jalma.”