Kaelokan Tresnanipun Gusti Pancaran Air Hidup 15 April 2024

15 April 2024

Waosan: Yeremia 30 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 77
Nats: He abdiningSun Yakub, sira aja wedi, … Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentrem, ora ana kang ngeget-egeti.(Ayat 10)

Saos sokur dhateng Gustining sarwo tumitah, dene kita bangsa Indonesia pinaringan tanah ingkang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem raharja. Sok sintena ingkang nate dhateng manca negari, tamtu kepengin wangsul dhateng Indonesia, krana pancen estu mbingahaken gesang ing negari punika. Wonten negari Indonesia kita binerkahan swasana endah lan ayem tentrem. Mboten wonten raos was sumelang, perang, curiga antawisipun sedherek. Prangkating transportasi lancar, gampang pados bensin lan ing pundi-pundi sumadya paladosan arupi wande ingkang isi kuliner mawarni-warni. Punika benten kawonten menawi kabandingaken zamanipun Covid-19 tigang tahun kapengker. Meh saben kegiatan dipun watesi lan kedah ngangge pamriksan, badhe lelungan kathah syarat ingkang dipun tindakaken kanthi tliti. Wosipun tiyang sami nahan dhiri mboten lelungan. Dene ing samangke kita bingah krana sampun longgar malah bebas saking kahanan punika. Kita bebas lelungan dhateng pundi kemawon mboten ngangge syarat ingkang warni-warni, lan saged pinanggih saksedherek mboten dipun watesi cacahipun wonten ing resepsi lan pepanggihan sanesipun.

Bangsa Israel nampi prasetyanipun Gusti lumantar kebebasan awujud pangapuntening dosa lan kaadilan. Pancen bangsa Israel tetep nampi paukuman krana dosa-dosanipun, nanging Gusti Allah paring pangapunten krana sih katresnaniPun kados ingkang kadhawuhaken dhateng Nabi Yeremia (Ay. 10). Ing sakmangke kita ugi kaparingan katresnanipun ingkang estu elok sanget, Gusti kepareng nanggung paukuman kita manungsa lan paring kawilujengan ing gesang kita.

Estu pengajeng-ajenging para manungsa ingkang ngudi kaslametan ing jagad lan saksampunipun gesang punika rampung. Mangga ing swasana Paskah punika kita ngraos-ngraosaken katresnanipun Gusti. Pamratobat kita dhateng Panjenenganipun ndadosaken kakiyatan lan pengajeng-ajeng kita tuwuh ngrembaka sarta ndadosaken kabingahan lan tentreming gesang. Kita sedaya sami katimbalan dados kagunganiPun Gusti minangka pirantos katentreman, kaadilan, lan katresnanipun Gusti sumrambah ing jagad. Amin. [LUV].

“Saestu katresnanipun Gusti Allah punika nyata ing gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak