Tresna lan Mituhu Renungan Harian 15 April 2019

15 April 2019

Waosan : Yokanan 12 : 20 – 36 | Pamuji : KPJ 144
Nats : “…. awit iya iku preluné anggonKu teka ing wektu iki.” [ayat 27b]

Edmilson, satunggal nèm-nèman saking Brazil ingkang nggadhahi pacangan naminipun Karine de Souza. Pasangan Edmilson lan Karine punika dados guneman kathah tiyang, ngantos viral ing medsos. Sedaya punika inggih awit Karine nggadhahi penyakit kulit ingkang boten limrah, ingkang ngrisak boten namung kulit wajah-ipun nging ugi sa’kojur badanipun. Boten sekedhik tiyang ingkang ngucap,”Kok gelem ya Edmilson …?” Senaosa dipun gunem tiyang kathah lan kathah pepalang, Edmilson boten kégoh, piyambakipun nggadhahi tekat mbangun balé-griya kaliyan Karine wit ageng raos tresnanipun.
Gesang mituhu dhumateng karsanipun Allah, tamtu sanès prekawis ingkang gampil. Kejawi èwet, ugi awrat lan kathah pambengan sarta pancobèn. Gusti Yesus mangertos bilih badhé ngadhepi kasangsaran ageng lan pepati ingkang nggegirisi. Nging Panjenenganipun tetep setya nindakaken ayahan mujudaken kawilujengan tumrap jagad. Sedaya punika inggih awit agunging katresnaNipun dhumateng manungsa, inggih dhumateng kita sedaya.

Saking cariyos punika kita sami dipun èngetaken bilih saèstu katresnan punika ndadosaken kita saget nindakaken prekawis-prekawis ingkang mokal, ingkang èwet lan nglangkungi nalaripun manungsa. Katresnan punika ndadosaken prekawis-prekawis ingkang awrat saget kelampahan. Gusti Yesus sampun paring tuladha nyata ing bab punika. Gunging katresnaNipun ndadosaken tetep setya ing ayahan senaosa èwet lan awrat. Mila, alelandhesan katresnan dhumateng Allah lan gunging katresnanipun Allah dhateng kita, mangga sami ngudi kawujuding gesang ingkang tansah mituhu ing karsanipun Allah. Alelandhesan katresnan dhumateng negari, mangga kita sami nindakaken tanggel-jawab minangka warganing negari ingkang saé. Lalelandhesan katresnan dhumateng brayat, mangga kita patheng nyambut damel, lsp. Alelandhesan katresnan punika, kita tindakaken prekawis-prekawis ingkang mokal, èwet lan awrat. Gusti Yesus nganthi kita. [wn]

“Katresnan, dadosaken prekawis ingkang mokal saget kelampahan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak