Waosan : Purwaning Dumadi 42 : 1 – 28 | Pamuji : KPJ. 136
Nats: “Bareng telung dinane Sang Yusuf ngendika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah” (Ay. 18)
Sakdherengipun medhar dhawuh pangandikanipun Gusti, para pelados pangibadah padatanipun ngendika, “Rahayu kita sadaya ingkang purun maos, mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti, langkung-langkung ingkang purun mbudidaya nindhakaken ing salebeting gesang padintenan”. Tembung punika tamtunipun mboten namung kangge formalitas pangibadah kemawon, ananging negesaken supados pelados lan umat ingkang ngabekti kedah purun mbudidaya nindhakaken utawi nglakoni dhawuhipun Gusti Allah ing salebeting gesangipun. Sae punika gesang wonten ing brayat, masyarakat, pasamuwan, panggenan nyambut damel lan ing pundi kemawon.
Waosan kita ing wegdal punika paring piwucal dhateng kita bab nglakoni, inggih punika;
- Tiyang sedasa ingkang taksih kaprenah sadherekipun Yusuf, purun nindhakaken dhawuhipun rama Yakub tindhak tumuju dhateng Mesir kangge nempur gandum. Bab punika dipun lampahi supados Yakub lan sedasa putranipun wau saged lestari anggenipun gesang, temah mboten ngantos pejah (ayat 2) karana ing tanah Kanaan nemahi pailan (ayat 5).
- Tiyang sedasa sadherekipun Yusuf punika nindhakaken dhawuhipun rama Yakub kanthi temen utawi jujur (ayat 11). Kajujuran tiyang sedasa punika saged kita tingali bilih sedasa tiyang wau purun paring katrangan dhumateng Yusuf babagan asalipun saking Kanaan, tujuanipun badhe nempur, sadherekipun kalih welas jaler sedaya, tunggil bapa, satunggal taksih kantun wonten Kanaan, satunggal sampun mboten wonten (ayat 7 lan 13).
- Yusuf ingkang sampun dados panguwaos ing Mesir taksih sujana (curiga) bab katranganipun tiyang sadasa wau. Pramila Yusuf mbetahaken bukti lan jaminan ingkang nyata (ayat 16-17, 19-20). Bukti lan jaminan wau estunipun kangge sarana supados para sadherekipun Yusuf punika tansah pinaringan gesang, kados dene ingkang dipun dhawuhaken Yusuf; “kowe padha nglakonana mangkene, supaya urip, aku bekti marang Gusti Allah” (ayat 18).
Minangka wujud bekti kita wonten ngarsanipun Gusti Allah, sumangga kita tansah mbudidaya nindhakaken utawi nglakoni dhawuhipun Allah temahan gesang kita punika saestu lumampah miturut karsanipun Allah. Bab punika saged kelampahan bilih kita punika kanthi andhap asor Purun (mau) nindhakaken kanthi Temen (jujur) minangka Bukti kapitadosan kita. (Gimbul)
“Urip iku nglakoni, dudu teori”