Waosan : Lukas 3 : 15 – 17, 21 – 22 | Pujian: KPJ 369 : 1, 2
Nats: “Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh..” [ayat 16]
Dados tiyang ingkang kagungan kuwaos ageng punika sejatosipun mratandhani bilih panguwaos punika kagungan tanggel jawab ingkang ageng ugi . Kuwaos lan Tanggel jawab punika bab ingkang gandheng renteng. Gadhah kuwaos nanging boten nyadari bilih gadhah tanggel jawab saged dadosaken tiyang adigang, adigung, lan adiguna. Pramila ing gesanng paprentahan, sok sintena kemawon ingkang dados Eksekutif lan Legislatif kedah nyadhari tanggel jawab ageng kangge tata tentrem lan karahayoning jagad, utaminipun bangsa lan nagari Indonesia. Sampun ngantos milih Presiden/Wakil Presiden lan Anggota DPR ingkang boten wanuh kaliyan tanggel jawab kalawau.
Kacarita ing waosan Kitab Suci dinten punika, Gusti Yesus dipunbaptis dening Nabi Yokanan. Wonten pangaken saking Nabi Yokanan bilih priyantun ingkang badhe kabaptis punika kagungan kuwaos kang ngungkuli panguwaosipun. Sanadyan Nabi Yokanan dipunpitados gadhah kuwaos baptis kangge mawartosaken bab pangapuraning dosa saking Gusti Allah (ayat 3), nanging panguwasanipun taksih kawon kaliyan panguwasanipun Sang Kristus. Awit Sang Kristus boten namung baptis ngangge Roh Suci lan getih (ayat 16), nanging ugi Putranipun Gusti Allah kang dipuntresnani (ayat 22). Allah ingkang nitahaken langit lan bumi, panguwasanipun boten winates, tan kena kinaya ngapa. Putranipun ingkang kasebat Sang Kristus punika tamtu dimangertosi sanes putra biologis. Sang Kristus dados Putranipun Allah awit Allah piyambak kang manunggal wonten ing Sang Kristus punika. Pramila panguwasanipun boten wonten bedanipun kaliyan Gusti Allah, utaminipun bab pangapuraning dosa manungsa. Manungsa kang dipunapura dosanipun gadhah tanggeljawab kadosdene manungsa kang kapapanake ing taman Eden, sakderengipun dumawah ing jurang dosa (Purwaning Dumadi 2:15), kedah ngolah lan ngreksa sadaya titahipun Allah ing bumi punika.
Ing babagan politik, kuwaos lan tanggeljawab Presiden pancen ageng, sami kadosdene kuwaos lan tanggeljawabipun manungsa kang dipunapura dosanipun dening Gusti Allah, inggih menika memayu hayuning bawana. Amin.[tes]
“Nglestantunaken sadaya titahipun Allah, wujuding tanggeljawab kita”