Mbudidaya Supaya Tinemu Renungan Harian 14 Agustus 2018

14 August 2018

Waosan :  2 Petrus 3: 14 – 18 I Pamuji: KPJ. 135: 1 – 3 / KPK. 56: 1 – 3
Nats:
“…. padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem rahayu”. (ayat 14b).

Wonten satunggaling kutipan: “menunggu adalah hal yang membosankan”. Napa malih bilih kita ngrantos bab ingkang boten cetha rawuhipun. Ngraosaken bosen tamtu limrah, ananging kedah waspada. Awit ing satengahing raos bosen, tiyang saged nglali lan kecalan fokus dhumateng bab ingkang sampun dipun rantos. Tiyang saged ewah pamanggihipun nalika ngalami bosen. Bab ingkang kaanggep aji lan dipun rantos dados boten kaanggep aji malih. Kados ing pigesangan kita minangka umat kagunganipun Gusti ingkang samangke nengga rawuhing Dintenipun Gusti. Saged ugi kita ngraosaken bosen lan ewah pangajeng-ajeng kita tumrap dinten Rawuhipun Gusti. Kadospundi caranipun supados kita boten kecalan pangajeng-ajeng lan fokus mapag rawuhing Dintenipun Gusti?

Waosan kita ngengetaken bilih ing satengahing ngrantos Dintenipun Gusti, kita kedah tekun mbudidaya gesang sae ngantos dumugi wancinipun supadosa tinemu tanpa cacad lan blentong ing ngarsanipun Gusti (ay.14b). Napa saged tiyang punika tanpa cacad lan blentong? Miturut ukuraning manungsa mbkomenawi boten saged. Ananging Gusti ingkang badhe ngukur. Kita dipun engetaken supados fokus mbudidaya. Dene ingkang ngukur cacad lan blentong inggih Gusti Allah piyambak.

Wekdal saged dados juru uji kasetyaning manungsa lan seksi sepinten kiyatipun manungsa jagi diri kangge nindakaken pandamel sae lan mbudidaya gesang tanpa cacad lan blentong. Lumantar ayat 15 kita saged nyinau bilih wekdal ing satengahing kita ngrantos Dintenipun Gusti punika kedah dipun ginakaken sak sae-saenipun. Kanthi makaten tamtu kita mboten bakal kecalan fokus methuk Dintenipun Gusti.   

Kita saged manggihi bilih gesanging tiyang pitados punika gesang ingkang wonten ing masa penantian rawuhing Dintenipun Gusti. Serat 2 Petrus 3:14 – 18 ngengetaken supados kita boten kecalan focus lan njagi supados gesang kita tanpa cacat lan blentong ing ngarsanipun Gusti. Amin.(pnd)

Berkah ing gesanging manungsa inggih saged mbudidaya supaya tinemu tanpa cacad ing ngarsane Pangeran”.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak