Waosan: Yusak 2 : 15 – 24 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “lah menawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, ….” (Ayat 18)
Tiyang awon ingkang ajrih-asih dhumateng Gusti langkung prayogi tinimbang tiyang ingkang rumaos saged nggayuh kawilujengan kanthi pambudidayanipun piyambak. Awit nalika tiyang punika ngrumaosi kalepatanipun minangka tiyang dosa, piyambakipun langkung rumaos mbetahaken kawelasan lan kawilujengan saking Gusti. Menawi kawilujengan kaparingaken adhedasar pambudidayanipun manungsa, tamtu Rakhab, sundel ing kitha Yerikho punika mboten pantes kawilujengaken, awit kanisthan ingkang dipun lampahi nuwuhaken paukuman. Sokur, kawilujengan saking Gusti Allah punika kaparingaken adhedasar katresnan saha sih rahmat-Ipun dhateng sinten kemawon, kalebet tiyang dosa.
Sinaosa tiyang dosa, Rakhab rumaos ajrih-asih dhumateng Gusti. Piyambakipun mireng kados pundi Gusti Allah nganthi umat-Ipun lan kagungan panguwaos nyirnakaken tuwin milujengaken. Mboten wonten kakiyatan sanes ingkang ngungkuli Panjenenganipun. Pangakenipun Rakhab punika nglairaken tumindhak nyata. Rakhab mujudaken rancangan kawilujenganing Gusti Allah tumrap umat-Ipun. Kanthi nyisihaken raos ajrihipun dhateng panguwaosing kitha Yerikho, Rakhab nulungi para telik ingkang kautus senapati Yusak dhateng Yerikho, supados mboten kacepeng. Punika mboten namung nguwalaken para telik saking bilai, nanging ugi dados margi rancanganipun Gusti kawujud. Tamparan benang abrit ingkang dipun tangsulaken ing dalemipun kados dene rah cempe ingkang kausaraken ing dalemipun tiyang Israel, ingkang dados tetenger kangge para telik punika, satemah mboten katempuh bilai nalika kitha Yerikho kagempur.
Gusti Allah tansah netepi prasetyan-Ipun. Tanggel jawab kita ngudi mbangun turut sarta setya tuhu dhateng Panjenenganipun, sarta ngestokaken dhawuh-Ipun ing salebeting gesang kita. Tamtu punika mboten gampil, awit kita kedah ngadhepi resiko ingkang mboten sekeca lan bebaya nalika netepi kasetyan kita dhumateng Gusti. Kita ugi asring dipun mengsahi utawi katampik dening sesami. Ananging bilih kita tresna kanthi tulus, nggadhah raos ajrih-asih lan pitados dhumateng Gusti, kasedyan kita nanggel resiko punika timbang kaliyan kawilujengan saha karaharjan ingkang kaprasetyakaken Gusti dhateng kita. Amin. [wdp].
“Kawilujengan sarta karahayon sejati cumawis kagem tiyang ingkang ajrih-asih tuwin pitados dhateng Gusti.”