Bye-Bye Masa Lalu Renungan Harian 13 Oktober 2020

13 October 2020

Waosan :  Filipi 3 : 13 – 4 : 1 | Pamuji :  KPJ. 78 : 1, 3
Nats
: “… nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus” (Ay. 14)

 

Selamat tinggal masa lalu aku kan melangkah
Maafkanlah segala yang pernah kulakukan padamu

 Punika perangan reff lagu ingkang judulipun Selamat Tinggal ingkang kapopuleraken dening Five Minutes. Manawi kita raos-raosaken, saestu cocok kaliyan prekawis ingkang dipun lampahi dening Paulus. Umpami saged kalairaken wonten ing lagu, Paulus nyuwun ngapunten dhateng Gusti Allah karana nate nguya-uya para pitados: lirik Maafkanlah segala yang pernah kulakukan padamu, saged kagantos pada-Mu (Tuhan).

Paulus ngakeni bilih piyambakipun punika pribadi ingkang boten sampurna. Tembung ing ayat nats, “nglalekake” nggadahi artos bilih piyambakipun ngupaya nebihi dosa ing mangsa rumiyin. Paulus nata manah, kados pundi supados gesang saged mlajeng, tumuju ing ngajeng. Punika saestu prakawis ingkang boten gampil. Kasebataken bilih punika kados ta pertandingan lan saestu pancen punika prekawis pertandingan iman, ngupayakaken kayekten. Kados pundi manungsa saged gesang ing kayekten betahaken komitmen. Paulus gadhahi tujuan saged nggayuh kaswargan, pinanggih kaliyan Sang Kristus. Piwucalipun Paulus katujuaken kangge pasamuwan Filipi supados anggenipun ndherek Sang Kristus tetep mlajeng lan boten ngantos mundur sanajan kathah reribet. Gusti Yesus sampun mbirat sedaya dosanipun manungsa. Manungsa kedah purun nglampahi gesang enggal, mlajeng nggayuh kaswargan. Saestu punika dados tinimbalan tumrap para pitados. Sampun ngantos dosa-dosa ing mangsa rumiyin punika ngungkung gesangipun manungsa matemah boten saged nglampahi gesang ingkang kebak kasaenan lan kayekten.

Kados pundi kaliyan gesang kita? Boten sisah rumaos kawratan kaliyan raos bersalah karana gagal lan dosa mangsa rumiyin. Gusti Yesus kersa ngluwari sedaya dosa lan kalepatan kita. Makaten ugi sampun ngantos kita gumunggung kaliyan keberhasilan ing wekdal sakpunika. Tujuan gesang kita sami, mlajeng kanthi tujuan, supados gesang kita tansah nuladha Gusti Yesus Kristus. Amin. (YEW).

Sampun ngantos mandeg anggenipun mlajeng ing ngarsanipun Gusti.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak