Kumandela! Pancaran Air Hidup 13 November 2024

13 November 2024

Waosan: Rut 4 : 7 – 22 | Pamuji: KPJ. 155
Nats: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel.” (Ayat 14)

Punapa panjenengan nate ngraosaken sisah? Tamtu anggen kita gesang ing donya punika mboten lepat saking sisah, sisah awit saking dipun tilar dening tiyang ingkang kita tresnani, sisah awit kita nyanggi momotan gesang ingkang awrat, lsp. Punapa ingkang panjenengan tindakaken nalika sisah? Kangge saperangan tiyang, piyambakipun mular lajeng dedonga dhateng Gusti, nyuwun panglipur lan kakiyatan. Kangge kita tiyang pitados, kasisahan ingkang kita alami punika, dados tandha bilih kita manungsa winates. Kita mbetahaken pitulungan saking Gusti lan sesami supados kita saged luwar saking kasisahan kita.

Nalika Naomi mlampah mudhik kaliyan Rut, mantunipun, panggalihipun taksih kalimputan manah ingkang semplah. Naomi sampun katilar dening semahipun, mekaten ugi Rut. Mbok bilih randa kekalih punika nyawang dinten-dinten ing ngajeng, ketingal peteng, awit ngraosaken semanten awrat momotaning gesang ingkang kasanggi. Nanging waosan kita punika maringi pawartos ingkang cetha kangge kita bilih rancanganing manungsa benten kaliyan rancanganipun Gusti. Boas, tiyang sugih, sedherekipun Elimelekh (semahipun Naomi) kaagem dening Gusti kangge ngentas kasrakatanipun Rut mekaten ugi Naomi. Ayat 10, “makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”

Waosan punika saged dados pangilon kangge gesang kita. Mbok bilih wonten ing antawis kita ingkang sapunika saweg nyanggi momotan gesang ingkang awrat, malah kados boten wonten malih ingkang saged dipun ajeng-ajeng, mangga sampun ngantos kita semplah. Gusti ingkang nresnani lan mberkahi Naomi lan Rut ugi Gusti ingkang sami, ingkang ugi kagungan kwasa maringi margi malah pangluwaran kangge kita. Kumandela! Amin. [smdjn]

“Uripku ing pangrèhé Gusti, tan ana pangrèh liya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak