Waosan : Yohanes 5 : 19 – 29 l Pamuji : KPJ. 121
Nats: Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra”. (Ay. 19)
“Ajining awak saka tumindak” punika satunggaling tembung Jawi ingkang nedahaken supados tiyang punika saged njagi tindak-tandukipun. Awit lumantar tindak tanduk punika kita saged ningali kanthi estu kadospundi kapribadianipun. Mila, sampun ngantos kita ngucap lan nindakaken gesang kita kanthi sembrono. Rikala semanten Gusti Yesus saged dipun tepangi kaliyan tiyang kathah lumantar tumindakipun, inggih punika nyarasaken tiyang ingkang nandhang sesakit, nangekaken tiyang pejah, lan damel mukjijat-mukjijat.
Waosan dinten punika nyariosaken tiyang sakit ing bangsalipun blumbang Betesdha ingkang sami ngrantos toyanipun blumbang Betesdha kocak. Awit sinten ta kemawon ingkang nyebur paling rumiyin nalika blumbang punika kocak saged saras saking sesakitipun. Ing ngriku wonten tiyang sesakit dangunipun 38 tahun. Nalika Gusti Yesus mirsa tiyang kalawau ngglethak wonten ngriku lajeng Gusti Yesus paring pitakon: “Kowe apa kapengin waras?”. Tiyang punika atur wangsulan bilih piyambakipun taksih nggadhahi pangajeng-ajeng saras saking sesakitipun. Lajeng Gusti Yesus nyarasaken tiyang punika. Sejatosipun lumantar prastawa punika Gusti Yesus badhe nedahaken jati dhirinipun dhateng tiyang kathah. Ananging tiyang-tiyang Yahudi mboten saged nampi kawontenan Gusti Yesus sinaosa estu-estu sampun mangertos bilih Gusti Yesus Maha Kuwaos kadosdene Gusti Allah. Kedahipun, mboten wonten alasan sanesipun ingkang ndadosaken mangu-mangu nampi Gusti Yesus awit sadaya ingkang katindakaken dening Gusti Yesus punika sejatosipun tumindakipun Sang Rama (ayat 19). Pramila, sadaya ingkang katindakaken Gusti Yesus asalipun sanes saking dhirinipun piyambak ananging karana Panjenenganipun tunduk lan gumantung dhumateng Sang Rama.
Lumantar cariyos punika kita sadaya kaengetaken supados kita saged niti priksa dhiri kita piyambak-piyambak. Kados pundi tumindak kita saben dinten minangka pendherekipun? Punapa kita sampun nelakaken karsanipun Gusti ing gesang kita? Awit sadaya tumindak kita nedahaken bab sinten Kristus ingkang kita imani. Sumangga tansah mbudidaya dados pendherekipun ingkang saged nelakaken tumindakipun Gusti Yesus ing gesang kita saben dinten. Ing tindak tanduk lan pangucap kita. (RA)
“Prilaku kita minangka pangilon dhiri kita”