Ora Mung Nampa Ning Yo Weweh Renungan Harian 13 Mei 2020

13 May 2020

Waosan : Wulang Bebasan 3 : 13 – 18 |  Pamuji : KPJ. 348 : 1, 2
Nats: “Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel, sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja” (Ay. 18)

Tiyang gesang ing alam donya, tamtu kagungan pangajeng-ajeng supados ing gesangipun tansah ngraosaken kabingahan lan kabegjan. Kawula kinten boten wonten tiyang ingkang ngersakaken kosok wangsulanipun. Sansaya nyata kasunyatan punika nalika kita ningali kathah tiyang ingkang nyambut kardi rinten dalu, nganthi lali wayah, supados sedaya ingkang dipun betahaken saged dipun cekapi lan dipun tampi. Wosipun, kabingahan lan kabegjan saged karaosaken nalika manungsa nampi sedaya ingkang dipun ajeng-ajang.

Nanging, saking Wulan Bebasan 3:13–18, kita sinau bilih kabingahan lan kabegjan punika dipun landesi kanthi kawicaksanan lan pangertosan. Dodos, boten namung katemtokaken dening punapa ingkang kita tampi kemawon, awit nalika manungsa kagungan kawicaksanan saha pangertosan, manungsa badhe gadhahi yuswa ingkang lami (Ay. 16), kabingahan lan kaayeman ing gesangipun (Ay. 17). Langkung saking punika, manungsa ingkang bingah lan begja ugi manungsa ingkang gesangipun dados sarananing berkat lan panguripan tumrap sanesipun. “Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel, sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja” (ayat 18). Tegesipun, tiyang ingkang bingah lan begja punika ugi tiyang ingkang karsa andum utawi paring berkat (ingkang pinangkanipun saking kawicaksanan lan pangertosan) dateng tiyang sanes, boten namung ingkang nampi saking tiyang sanes.

Lajeng kados pundi kaliyan gesang kita sapunika? Punapa kita sampun ngraosaken kabingahan lan kabegjan? Menawi sampun, kabingahan lan kabegjan punika dipun landhesi kaliyan punapa? Kaliyan ingkang sampun kita tampi? Punapa kaliyan ingkang sampun kita andum? Punapa linandhesan saking kekalihipun? Kabingahan lan kabegjan punika sanes perkawis individual, ananging perkawis sosial. Mila, wiwit wegdal punika kita sami ngupadi kabingahan lan kabegjan boten kangge gesang kita pribadi, nanging ugi kangge gesangipun tiyang kathah. (7us)

“Talesing kabingahan lan kabegjan kuwi nalika kita bisa nampi lan bisa andum”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak