Bandha Kaswargan Pancaran Air Hidup 13 Maret 2025

13 March 2025

Waosan: Filipi 3 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus.” (Ayat 8)

Wonten salah satunggaling lagu saking KPJ. 416 ingkang tembungipun mekaten: “Kabeh mung nglaha, kabeh mung nglaha; Sarwa kadonyan wus mesthi sirna; Mung sihe Allah kang langgeng slamanya; Tyang kang ngayom wus mesthi raharja”. Pepujen punika ngengetaken kita bilih prekawis-prekawis kadonyan, kados dene bandha, drajad, lan kasugihan mboten wonten ingkang langgeng. Prekawis kadonyan punika namung sawetara wekdal, ingkang pungkasanipun badhe sirna. Ananging wonten kabingahan ingkang sejati ingkang linangkung becik tinimbang prekawis kadonyan, inggih punika Sang Kristus.

Rasul Paulus wonten waosan punika mbabaraken prekawis punika. Ing pundi, miturut Rasul Paulus sadaya prekawis-prekawis kadonyan punika dipun anggep dados prekawis ingkang kapitunan. Piyambakipun sampun ngraosaken kados pundi gesang tanpa wanuh kaliyan Sang Kristus. Punika cundhuk kalian kawontenanipun dados tiyang Yahudi ingkang wiwitanipun sengit sanget kaliyan para pandherekipun Sang Kristus. Ananging, karana kanugrahan saking Gusti Yesus ingkang mitulungi gesangipun, kamangka piyambakipun saged mbucal sadaya prekawis-prekawis kadonyan ingkang nglaha kalawau. Sadaya kadonyan dipun tilar dening Rasul Paulus karana sampun nampi Sang Kristus wonten ing manahipun. Kagem Paulus, kapitadosan dhumateng Sang Kristus punika dados bandha kaswargan ingkang ajinipun nglangkungi sadaya bandha kadonyan. Bandha kadonyan kaanggep namung larahan, lan mboten wonten ingkang saged ngungkuli kamulyaning bandha kaswargan.

Lumantar pangaken Rasul Paulus punika, kita sesarengan dipun engetaken anggen kita nglampahi gesang punika sampun ngantos namung mburu kabingahan bab kadonyan kemawon, ananging tansaha ngupadi bab kaswargan. Mangsa Pra-Paskah punika mugi saged ngengetaken kita supados tansah setya ndherek Gusti Yesus ingkang dados Juru Wilujeng Kang Sejati. Gusti Yesus sampun paring nugraha dhumateng sadaya tiyang ingkang pitados Panjenangipun, awit saking punika swawi tansah kita ugemi bilih kanugrahan punika ingkang saged damel bingahing manah kita. Mugi pigesangan kita tansah ngupadi prekawis-prekawis ingkang langgeng, mboten namung prekawis-prekawis ingkang nglaha lan gampil sirna ing pungkasaning jaman. Amin. [DAR].

“Sing sapa tetep setya bakal raharja.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak