Waosan: Lukas 13: 31 –35 ǀ Pamuji: KPJ. 429
Nats: “Nanging ing dina iki lan sesuk tuwin besuk emben Aku kudu nerusake laku-Ku, amarga ora samesthine kang jeneng nabi dipateni ora ana ing Yerusalem.” (Ayat 33).
Wonten ing ngalam donya punika, namung sekedhik tiyang ingkang purun korban kangge tiyang sanes. Ngalam donya samangke sampun dipun kebaki kaliyan tiyang-tiyang ingkang ngudi karemenanipun piyambak, pados raos aman, nyaman, bingah namung kangge dirinipun pribadi. Menawi wonten ingkang purun tetulung, kala-kala itung-itungan untung-rugi, peparingipun wonten pamrihipun, mekaten ugi lelados ananging pados kamulyan lan pangalembana.
Kados pundi peladosanipun Gusti Yesus? Peladosanipun Gusti Yesus saestu benten sanget, Gusti Yesus kersa ngorbanaken Sariranipun murih jagat raharja. Gusti Yesus tetep setya nuhoni timbalan milujengaken jagat senaosa nandhang cintaka. Kados wonten ing waosan, punapa Gusti Yesus mboten pirsa menawi sawetawis pangarsaning Yahudi sami genthing murih seda-Nipun? Tamtu Gusti Yesus pirsa, senaosa wonten tiyang Farisi ingkang ngengetaken supados Panjenenganipun mboten lumebet kitha Yerusalem. Kenging punapa Gusti Yesus ingkang ngasta kabar kabingahan, martosaken kawilujengan dipun sengiti dening pangarsaning agami Yahudi, tiyang Farisi lan ahli toret? Mboten sanes awit manahipun tiyang-tiyang punika serik lan asor kawibawanipun. Tumrap pangancam punika Gusti Yesus mboten mundur. Panjenenganipun tetep tindak dhateng Yerusalem kados kaweca dening para nabi, bilih wonten ing Yerusalem para nabi dipun sedani (Luk. 13:33).
Mekaten katresnanipun Allah dhumateng kita sedaya. Panjenenganipun kersa nandhang sungkawa, sangsara seda kasalib supados kita mboten nampi paukuman pati. Mila sumangga kita sami tansah saos syukur ing sadhengah prekawis, nalika kita bingah-sisah, sehat–sakit, kaluberan-kacingkrangan. Sedaya prekawis ing paningalipun Gusti lan rancanganipun Gusti punika endah tumrap gesang kita. Sumangga kita tebihaken sifat nggresah, ngersula, lan maido.
Gusti Yesus ingkang setya nuhoni timbalanipun Sang Rama, ugi setya nresnani kita sedaya. Gusti badhe paring pitulungan dhumateng kita para putranipun. Sumangga kita tansah sumendhe selaminipun. Gusti Yesus nate muwun mirsani kitha Yerusalem ingkang rumiyin sae dados daksiya, sampun ngantos Gusti Yesus muwun malih awit patrap gesang kita ingkang nguciwani. Sumangga kita ngedalaken woh kasaenan lumantar gesang kita. Amin. [Djian].
“Tetep setya dhateng Gusti Yesus nuwuhaken kawilujengan gesang.”