Waosan: Efesus 4 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Lan ngudia lestarine anggonmu tetunggalan ing Roh sarana suhing atut rukun.” (Ayat 3)
Wonten filosofi Jawi, “Sapu sada siji ora ana arti, nanging yen ditali dadi siji bakal ngresiki.” Tembung ngresiki dados gambaran tugas tanggeljawab ageng. Bilih tugas punika dipun lampahi piyambakan karaosaken awrat, nanging bilih dipun lampahi sesarengan saged karaosaken entheng. Filosofi punika saged kalampahan ing satengahing komunitas, sae punika komunitas ingkang ageng utawi alit. Saged dipun wiwiti saking brayat kita piyambak-piyambak, mekaten ugi ing satengahing pasamuwan lan masyarakat. Nalika wonten tugas tanggeljawab ingkang kedah dipun lampahi, bilih sadaya tiyang ing komunitas punika saged nyawiji, tamtu tugas tanggeljawab punika badhe kalampahan kanthi entheng.
Seratipun Rasul Paulus kagem pasamuwan Efesus ngemutaken bilih para tiyang pitados ing Efesus punika sampun nampi timbalan saking Gusti Allah. Pramila gesangipun para tiyang pitados punika kedah cundhuk kaliyan timbalanipun Gusti, inggih punika gesang kanthi andhap-asor, sareh, lan sabar. Langkung malih nalika gesang sesarengan dados komunitas tiyang pitados, para tiyang pitados ing Efesus punika kagungan timbalan mujudaken katresnan kanthi gesang tulung-tinulung. Supados saged nindakaken timbalan ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti punika, para tiyang pitados ing Efesus kedah ngenget bilih saben tiyang pitados punika sampun kaiket dening Sang Roh. Pramila gesangipun tiyang pitados punika kedah dados tuladha kangge tiyang sanesipun awit gesangipun para tiyang pitados punika gesang ingkang rukun.
Lumantar seratipun Rasul Paulus kagem pasamuwan ing Efesus punika, sumangga kita para kagunganipun Gusti ingkang gesang nyawiji ing GKJW, ing pundi-pundi papan sami ngrumaosi bilih kita ugi nampi timbalan ingkang sami. Sae punika kagem gesang kita pribadi mekaten ugi kagem gesang sesarengan ing pasamuwan. Kita nampi timbalan dados seksinipun Gusti lumantar tumindak gesang kita saben dinten. Mangga kita wujudaken timbalan punika kanthi gesang sesarengan ingkang rukun, tansah tulung-tinulung, lan kebak katresnan. Punika mboten awrat bilih kita para umatipun Gusti purun nyawiji. Pramila sesarengan kaliyan para sadherek kita ing pasamuwan, sumangga kita sami nyawiji dados seksinipun Gusti ing satengahing donya punika. Amin. [GW].
“Sami tetunggilan dados paseksi, lelados mring sesami, dados sareming bumi.”