Waosan: Ibrani 13 : 1 – 16 ǀ Pamuji: KPJ. 346a : 1, 2
Nats: “Sarta aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah.” (Ayat 16)
Nindakaken kabecikan lan paring pitulungan dhumateng tiyang sanes punika boten gampil. Ing kasunyatanipun tiyang ingkang purun nindakaken kabecikan lan paring pitulungan dhumateng sesaminipun punika namung sekedhik cacahipun. Kamangka nindakaken kabecikan lan paring pitulungan punika saestu dipun betahaken tiyang sanes ingkang nandhang kasisahan. Kejawi punika tumrap para umat kagunganipun Gusti, nindakaken kabecikan lan paring pitulungan punika dados timbalan wonten ing gesangipun.
Migatosaken kawontenan ingkang mekaten punika, pangripta serat Ibrani ngengetaken para umat kagunganipun Gusti supados boten kesupen nindakaken kabecikan lan paring pitulungan. Nadyan gesang sesrawungan kaliyan tiyang sanes ingkang boten tunggal bangsa, tunggal suku, lan tunggal agami, para umat katimbalan kangge nindakaken kebecikan lan paring pitulungan dhumateng sinten kemawon tiyang ingkang merlokaken pitulungan. Tumindak ingkang kados mekaten punika kalandhesan pangorbananipun Gusti Yesus Kristus ingkang karsa nandhang sangsara supados manungsa nampi kawilujengan. Pakaryanipun Gusti Yesus punika boten katujokaken dhumateng sawetawis bangsa utawi golongan kemawon, nanging katujokaken dhumateng saben tiyang ingkang merlokaken pitulungan lan kawilujengan.
Menawi kita ningali saestu kawontenan ing sakiwa tengen kita, nyata sanget bilih wonten kemawon sesami kita ingkang gesangipun ngalami mawerni-werni pakewet lan merlokaken pitulungan kita. Wonten ingkang boten gadhah padamelan, satemah boten gadhah biaya kangge nyekakapi kabetahan gesang sadinten-dinten, kangge berobat, kangge nyekolahaken anakipun, lsp. Lah, menawi kita nggadhahi kasagedan paring pitulungan dhumateng sesami ingkang merlokaken pitulungan, punapa kita namung mendel kemawon lan boten tumindak punapa-punapa? Wekdal punika, Gusti Allah ngengetaken kita supados boten nglirwakaken sesami ingkang merlokaken pitulungan. Gusti Allah malah ngengetaken kita supados nindakaken punapa ingkang saged kita tindakaken dhumateng sesami ingkang merlokaken pitulungan. Aja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan. Amin. [HSW].
“Mugi Gusti nyantosakaken kawula supados tansah nindakaken kabecikan lan paring pitulungan”