Waosan: Markus 4 : 26 – 34 | Pamuji: KPJ. 375 : 1, 2
Nats: “Kratoning Allah iku mangkene: upamane kaya wong kang nyebar wiji ing lemah, nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.” (Ayat 26, 27).
Wonten kanca Pandita ingkang remen anggenipun olah tetanen. Wiwit saking sayur-sayuran, woh-wohan ngantos saged budidaya maneka werni taneman unggul. Ingkang dados kesaksianipun anggenipun ngrimati taneman menika, awit piyambakipun tresna dhateng taneman menika. Piyambakipun ngrumaos bilih taneman ingkang dipun tresnani, tamtu saged ngedalaken kasil ingkang sae. Saben dinten taneman menika dipun rimati, dipun sirami, dipun rabuk, lan dipun obati bilih kenging hama. Mekaten ugi dipun sarengi pandonga dhumateng Gusti Allah ingkang dados sumbering panguripan.
Ing waosan menika, Gusti Yesus paring piwulang dhateng para sakabat bab Kratoning Allah srana pasemon. Gusti Yesus ngagem gambaran para among tani anggenipun olah tetanen. Ing wanci enjing sami nyebar winih, ing wanci dalunipun tilem lajeng ing dinten sanesipun winih menika tuwuh dados taneman. Sansaya dinten sansaya inggil lan ngedalaken woh. Kados pundi tuwuhipun boten mangertos. Pasemon menika gambaraken, ingkang dados among tani menika para sakabat ingkang saben dinten nyebar kabar adi, kabar kabingahan bab kratoning Allah. Tugasipun para sakabat inggih menika ngrimati taneman menika ngantos ngedalaken woh ingkang sae.
Iman dhumateng Gusti Allah menika kedah kita jagi lan rimati kadosdene pak tani ngrimati tetanemanipun. Caranipun kangge ngrimati iman menika, sepisan dipun sirami kaliyan sabdanipun Gusti. Kita purun maos lan mirengaken sabdanipun Gusti ingkang dados sumbering kakiyatan kita sadinten-dinten. Kaping kalih dipun rabuk supados iman kapitadosan kita sansaya tuwuh lan ngrembaka, kita purun nampi piwulang lan pepenget ingkang positif, ingkang ngiyataken kita. Kaping tiga dipun obati, tegesipun nalika kita dawah utawi tumindak dosa salebeting gesang, mangga kita enggal-enggal mratobat, nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah. Pungkasanipun gesang kita tansah ngedalaken woh inggih menika gesang ingkang migunani, pangucap ingkang nentremaken sarta tumindak ingkang dados berkah. (AR).
“Gusti Yesus maringi wekdal lan kesempatan gesang kangge kita, mangga sami ngedalalen woh-wohing gesang ingkang migunani”