Luput Pancaran Air Hidup 13 Juni 2020

13 June 2020

Waosan : Jabur 116 : 1 – 19 | Pamuji : KPJ. 104 : 1, 2
Nats
: “Dhuh nyawaku puliha dadi ayem maneh, awit pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe. .“ (ay 7)

Nalika kita luput saking bebaya/bencana tamtu manah kita bingah. Saking cariyos lesan lan saking sosial media kita saged ningali kathah tuladha bab punika. Biasanipun  sakderengipun sumelang lajeng dados ayem. Ingkang kedah kita gatosaken nalika kita luput saking perkawis ingkang nggegirisi, punika sanes perkawis ingkang biasa, awit wonten kamirahanipun Gusti Allah ingkang dipunparingaken dateng kita.

Waosan kita ing dinten punika negesaken biih Gusti Allah katitik nguwalaken umat kagunganipun saking pati. Pramila Pemazmur ngunjukaken saos sokur lan bingah ingkang sanget, awit ngrumaosi bilih Gusti Allah mboten namung nguwalaken lan ndadosaken kagunganipun luput saking pati nanging ugi amarga Gusti Allah tansah tresna lan paring panggulawentah ingkang sae wonten ing gesang saklajengipun. Punika negesaken bilih nalika Gusti Allah paring prasetyan ingkang dipunnyataaken Gusti Yesus gadhah tanggel jawab arupi paring tresna lan pangrimat ingkang sae datheng para menda-mendanipun. Waosan kita punika ngajak kita sesarengan nyinau bab kados pundi kita kedah nglairaken saos sukur dateng Gusti awit sampun paring kamardikan saking dosa. Pemazmur ugi ngajak kita ngabekti dateng Gusti.

Kados dene pemazmur ingkang ngrumaosi bilih gesangipun katata lan sampun dipun uwalaken saking pati, kados pundi kaliyan gesang kita? Nalika kita manggihi kasunyatan gesang ingkang mboten sami kalih angen-angen punapa ingkang badhe kita lampahi? Sumangga kita tansah enget dateng Gusti Allah ingkang sampun langkung rumiyin nguwalaken kita saking pati lan ndadosaken gesang kita ayem tentrem. Pramila supados wonten ing gesang punika tansah ngraosaken ayem tentrem, mangga kita nggadahi tekad mujudaken saos sukur lan tansah ngrumaosi bilih samangke kita sedaya dipun utus Gusti dados saksi,  dados talang berkahipun Gusti ing jagad. (ASN)

“Isuk isuk wis munggah andha, sikil kesleo lha kok ora disasa Sak beja bejane wong sugih bandha, isih luwih beja wong kang luput saka dosa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak