Waosan: Rum 2 : 12 – 16 | Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku duduk kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.” (Ayat 13)
Wonten satunggiling platform media sosial ingkang samangke dipun remeni dening para piyantun putri, inggih punika Instagram. Sawijining platform media sosial ingkang nggadhahi fitur kangge andum foto, video lan ugi quotes (kata-kata bijak). Saestu endah punapa ingkang dipun posting ing Instagram. Nanging ingkang dados pitekenan kita, punapa ingkang endah ing media sosial ugi endah ing kanyatanipun? Dereng tamtu! Asring benten tebih antawisipun postingan lan kanyatanipun.
Iman dados “samubarang” mati, boten migunani menawi boten mawujud wonten ing tumindak nyata. Bab punika cundhuk kaliyan sabdanipun Gusti Yesus ingkang makaten, “Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing Swarga.” Rasul Paulus boten nate pinanggih secara raga kaliyan Gusti Yesus, nanging pemanggihipun adedasar piwucalipun Gusti Yesus. Menawi kita namung midhangetaken, maos sabdanipun Gusti tanpa nindakaken ing gesang nyata, punika kadosdene tiyang ingkang “belog” (memasung) piwucalipun Gusti. Sesambetan kaliyan ayahan kita dados seksi, bab punika saged ‘medot’ berkahipun Gusti kangge karahayoning gesang tiyang sanes. Wujuding kita dados seksi kangge tiyang sanes punika kedah kawujud ing tumindak nyata. Kosokwangsulipun, bilih namung tumindak kemawon, tanpa midhangetaken piwucalipun Gusti, punika saged ndadosaken kita kecalan cepengan; kecalan patunggilan kaliyan Gusti. Pramila midhangetaken lan netepi piwucalipun Gusti kedah dados prekawis ingkang kita lampahi sesarengan.
Ingkang dados kawigatosan, kados pundi kita tiyang pitados saged mujudaken piwucal sae saking Gusti? Sepisan kita purun nampi lan midhangetaken sabdanipun Gusti. Kaping kalih, kita mujudaken piwucalipun Gusti lumantar tumindak gesang kita. Kaping tiga, kita purun dados rencang damelipun Gusti kangge mujudaken karahayoning gesang sesami. Awit menawi boten mawujud ing kanyatan, punika ingkang kita tindakaken kadosdene ‘saderma postingan’, ingkang saged bujuki liyan. Mugi kita katebihaken saking tumindak punika. Amin. [ES].
“Tumindaka netepi angger-anggering Gusti, kaya-kaya sesuk Gusti rawuh.”