Ketaatan Punapa Paukuman? Renungan Harian 13 Juli 2020

13 July 2020

Waosan : Mikha 1 : 1 – 5 | Pamuji : KPJ . 189 : 1, 3
Nats
: “Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci .” (Ay. 2b)

Katah tiyang Kristen mboten remen menawi mirengaken khotbah ngingingi ketaatan punapa malih ngingingi paukuman. Menawi mireng bab ketaatan ateges mboten pareng niki, mboten pareng ngeten, punapa malih paukuman, ateges punika konsekuensi ingkang kedah kita sandang. Karana punika mboten gumun menawi kita langkung remen mirengaken khotbah bab berkah, kemenangan, pemulihan, mujizat lsp. Ingkang kedah kita sadari bilih sedaya punika wujud saking ketaatan kita ingkang setyo tuhu nindakaken pangandikanipun Gusti.

Ing waosan punika, Gusti Allah paring pawartos lumantar  nabi Mikha bilih Gusti Allah badhe njegsani kitha Samaria kaliyan Yerusalem. Gusti Allah sampun kagungan rancangan bade paring paukuman kalih bangsa punika amargi sampun boten taat lan setya dumateng Gusti lan nyembah brahala.

Sinten ingkang nresnani Gusti temtu taat dumateng punapa ingkang Kadawuhaken dening Gusti saha sangsaya caket kaliyan Gusti. Kados dene sesambetaning antawis anak kaliyan tiyang sepuhipun. Anak ingkang nurut dhateng tiyang sepuhipun temtu anak punika tansah rumaket kaliyan bapanipun. Inggih mekakaten sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti, Gusti ngersakaken para putra-putrinipun tansah mangun sesambetan ingkang caket kaliyan Panjenenganipun. Gusti Allah kersa ngurbanaken Putra Kekasih seda sinalib supados sesambetanipun kaliyan manungsa kawangsulaken.

Awit saking punika dawuhipun Gusti mboten dados momotan wonten ing gesang kita, nanging dados karemenan satemah saged ndadosaken manah kita remen lan bingah tansah miturut dawuhipun Gusti. Gusti Allah paring dawuh punika ateges mboten paring momotan dhateng kita, ananging supados kita lumampah wonten kasaenan lan katresnan satemah kita saged nampeni pakaryanipun Gusti ingkang kebak pangajeng-ajeng. Gusti nuntun lan ngayomi kita  mujudaken ketaatan dumateng Panjenenganipun.  Temahan mboten nemahi paukuman ananging  angsal gesang langgeng, ingkang kebak rahayu. Gusti Mberkahi kita. Amin. [Murja]

 “Manut miturut dumateng Gusti nuwuhaken berkah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak