Aja Cemplang! Renungan Harian 13 Juli 2018

13 July 2018

Waosan : Kolose 4:2-8 I Pamuji : KPJ 370:1-3
Nats:
Tumindaka kanthi sakehing  kawicaksanan tumrap wong jaba, sarta padha nggemenana wektu. Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong (Kolose 4:5-6)“

“Bapak mbenjang tindakan napa mboten?” Mekaten panyuwun pirsanipun Amir dhateng bapakipun. Bapak lajeng mangsuli, “Hmm..” Amir nglajengaken panyuwunan pirsanipun, “Anggenipun tindak mbenjang jam pinten dumugi jam pinten Pak?” Bapakipun mangsuli malih, “Hmm…” Amir matur malih dhateng bapakipun, “menawi mbenjang Amir ngampil sepeda motoripun bapak pareng menapa mboten?” Bapak mangsuli malih, “Hmm..” Sepisan malih Amir nyuwun pirsa, “Mbenjang Amir nyuwun sangu nggih Pak, kangge sinau sareng kanca”. Bapak mangsuli malih, “Hmm…” Mireng wangsulanipun bapak, Amir bingung estunipun menapa ingkang dados kersanipun bapak.

Dalunipun, bapakipun Amir dhawuh dhateng Amir, “Mir, tulung bapak pendetke buku nang nduwur meja” Saking tebihan Amir mangsuli, “Hmm…” Mireng wangsulanipun Amir, bapak lajeng sadar bilih kala wau nalika Amir nyuwun pirsa mboten dipun tanggepi kanthi sae.

Para sadherek, mbok menawi kita nate ngalami kados dene Amir. Nalika kita sesambetan kaliyan tiyang sanes, dipun tanggepi kanthi cemplang. Temtu punika nuwuhaken raos goreh tumraping manah kita. Rasul Paulus  ngemutaken pasamuwan ing kitha Kolose semanten wigatosing wicantenan kanthi katresnan. Nalika semanten Rasul Paulus saweg kinunjara wonten ing pakunjaran Roma (4:3). Saking pakunjaran, Rasul Paulus ngajak pasamuwan sami gesang kanthi wicaksana. Awit sedaya pratingkah lan solah bawa kita punika minangka sarana paseksi tumraping sesami. Ngetingalaken kados pundi anggen kita netepi timbalanipun Gusti lumantar laku gesang kita.

Kalebet ugi bab pitembungan. Gusti Yesus lumantar Rasul Paulus paring dhawuh temahan pitembungan kita sampun ngantos cemplang. Nalika wonten tiyang ngajak sesambetan kaliyan kita, mila kita tanggepi kanthi katresnan. Kanthi punika sedaya tiyang saged mangertos bilih siswanipun Sang Kristus nuladha katresnan ingkang sampun kaparingaken dening Gusti tumraping manungsa. Kanthi lantaran pitembungan ingkang kebak katresnan, kita martakaken katresnanipun Gusti wonten ing timbalan kita piyambak-piyambak. (ANS)

“Si kidang mlayu mlebu wana, aja cemplang anggonmu wicara”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak