Waosan: Pangentasan 19 : 9b – 25 | Pamuji: KPJ. 2
Nats: “Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebane, padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung.” (Ayat 17)
Sumangga kita sami nggalih, manawi panjenengan badhe nampi rawuhipun tamu agung, satunggaling tiyang ingkang kinurmatan, pemimpin ingkang linuwih, mesthinipun panjenengan badhe nyawisaken samukawis kanthi prayogi, ngresiki papan, ngagem sandangan ingkang sae, lan ngatur suasana ingkang trep kagem nyambut rawuhipun. Lajeng, kados pundi manawi ingkang rawuh punika sanes tiyang limrah, nanging Gusti Allah piyambak?
Wonten ing Pangentasan 19:9b–25, kapratelakaken bilih Gusti Allah ngetingal dhateng bangsa Israel ing Redi Sinai kanthi pralambang ingkang ngegirisi manah, mega kandel ingkang nyelimuti, kilat pating blencong, swanten sangkakala ingkang ngenggar-enggar, sarta lindu. Punika tandha-tandha rawuhipun Gusti ingkang kaseksenan lumantar tandha-tandha alam ingkang ngedab-edabi. Ing ngriku, Gusti Allah paring dhawuh dhateng bangsa Israel supados bangsa Israeal nyuceni dhiri, mboten nyedhaki gunung, saha nyawisaken manah kagem nampi sabdan-Ipun. Selajengipun namung Nabi Musa ingkang dipun aturi minggah dhateng pucuking gunung. Punika dados pralambang bilih Nabi Musa kapiji dados parantara antawisipun Gusti Allah kaliyan bangsa Israel. Lelampahan punika ndadosaken titi-mangsa ingkang linuwih, awit bangsa Israel dipun paringi pangertosan bilih sesambetan kaliyan Gusti punika kedah suci, kebak pakurmatan, lan mbetahaken katresnan dhumateng Gusti.
Ing dinten punika, rawuhipun Gusti tansah kasembadan ing gesang kita. Sanadyan mboten lumantar lindu, kilat, utawi swanten sangkakala, nanging Gusti karsa rawuh lumantar sabdanipun ingkang suci. Sanadyan tandhanipun mboten kados jaman rumiyin, nanging ajining rawuhipun Gusti taksih sami, kedah dipun sambut kanthi pakurmatan, manah ingkang resik, lan kasetyan tumrap dhawuh-Ipun. Ing wekdal sapunika, kita dipun engetaken supados kit mboten nindakaken gesang kanthi sembrana, nanging tansah eling lan waspada. Kita kedah nyawisaken dhiri kita kagem nyambut rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Mangga kita sami nyawisaken manah lan gesang kita, kita lampahi gesang kita kanthi temen, ngurmati kasucenipun Gusti, lan nindakaken sabdan-Ipun kanthi manah ingkang suci lan lelampahan gesang ingkang satuhu. Amin. [KYP].
“Marsudi suci, sumadya nyambut Gusti.”