Waosan: 1 Timoteus 3 : 14 – 16 | Pamuji: KPJ. 37
Nats: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.” (Ayat 16)
Dhateng Timoteus ingkang kasebat minangka anak lan rencang damel ing paladosan, Rasul Paulus paring pitutur supados Timoteus kiyat anggenipun ngadhepi pambengan ing satengahing pasamuwan Efesus. Dipun mangertosi ing pasamuwan Efesus punika wonten tiyang-tiyang ingkang piwucalipun nyimpang saking karsanipun Gusti. Prekawis punika saged dados pambengan ingkang ageng kangge para pitados ing Efesus. Piwucal nyimpang punika saged ngrisak patunggilan para pitados ingkang nembe kemawon kawangun kapitadosanipun adhedasar Injil Kristus. Strategi ingkang dados kawigatosan lan saged dipun cakaken kangge ngadhepi kawontenan punika, inggih namung sarana nggadhahi iman ingkang kukuh lan kayekten ingkang kiyat ing salabeting gesang minangka brayatipun Allah.
Ing ngriki Paulus maringi tugas dhateng Timoteus supados ngiyataken lan nyengkuyung para warga pasamuwan ingkang ringkih karohanenipun. Timoteus kedah mucal lan martosaken paseksining Injil Kristus kanthi teman tumraping para warga pasamuwan Efesus punika. Patunggilaning pasamuwan Efesus minangka brayatipun Allah kedah nyepeng Injil Kristus ingkang dados pondasining pigesangan. Ingkang dados kunci saking brayatipun Allah, inggih punika namung Gusti Yesus Kristus. Pasamuwan Efesus kedah sami pitados bilih Sang Kristus lan kayekten Injil nunggilaken umat dados satunggal brayat.
Brayat nggadhahi peran ingkang ageng kangge pigesanganipun manungsa, amargi ing salebeting brayat, saben anggota brayat sami nampi katresanan, panyengkuyungan, lan nilai-nilai moralitas. Brayat dados papan kangge nuwuhaken raos sih katresnan. Brayatipun Allah punika, brayat ingkang dipun berkahi dening Gusti. Pramila kita minangka anggota brayatipun Allah dipun timbali kangge mujudaken gesang ingkang kebak katresnan. Punika saged kita tindakaken bilih kita sedaya sami gesang srana tresna-tinresnan, asung panyengkuyung satunggal baka satunggal, sarta tansah nuladhani Gusti Yesus ing salebeting gesang kita. Payo kita sedya dados brayating Allah ing salebeting gesang kita. Amin. [ES].
“Padha muliha nang omahmu lan tresnanana brayatmu!” – Teresa