Waosan: Pangentasan 20 : 1 – 17 │ Pamuji: KPJ. 101
Nats: “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.” (Ayat 2)
Salah satunggiling spiritualis Katolik, Henry J.M. Nouwen ngraosaken ing lelampahan karohanenipun, bilih kita sansaya raket kaliyan Gusti Allah, kita ugi sansaya raket kaliyan sesami kita. Kita badhe saged ningali kawontenanipun (kehadiran) Gusti Allah ing tiyang sanes, menawi kita sampun saged ngraosaken rawuhipun Gusti Allah ing gesang kita piyambak. Makaten ugi kosokwangsulipun, nalika kita namung ningali kawontenanipun setan ing gesang kita, kita ugi namung saged ningali setan ing tiyang sanes.
Sedasa angger-angger ingkang kasebat ing perikop punika kaserat dening Gusti Allah piyambak wonten ing kalih loh watu, lajeng kaparingaken dhumateng Musa lan bangsa Israel. Angger-angger punika sipatipun teologis lan etis, amargi saged kagolongaken dados kalih bagian. Sepisan angger-angger ingkang sesambetan kaliyan Gusti Allah. Kaping kalihipun angger-angger ingkang sesambetan kaliyan manungsa. Ngugemi angger-angger punika saged mbikak margi kanggenipun bangsa Israel. Bangsa Isarel tansah memuji Gusti lan raos sokur dhumateng Gusti Allah, karana Gusti Allah karsa paring kawilujengan, inggih punika ngentasaken bangsa Israel saking tanah Mesir. Pambangun turut dhateng angger-angger teologis boten saged kapisah kaliyan angger-angger ingkang sipatipun etis. Pambangun turut ingkang satunggal nemtukaken ingkang sanes. Patunggilan raket kaliyan Gusti Allah lan solidaritas dhateng sesami dados satunggal prekawis ingkang boten saged kapisah. Solidaritas dhateng sesami saged kawangun menawi nggadhahi patunggilan ingkang raket kaliyan Gusti Allah.
Mangga kita sami neng-ning-nung (meneng, wening, dunung) sawetawis wekdal. Kita sae minangka pribadi, bebrayatan, lan pasamuwan perlu nggadhahi komitmen kangge secara aktif ngupadi kaleresan ing gesang padintenan. Angger-anggeripun Gusti punika perlu kita tindakaken ing gesang kita sadinten-dinten. Mangga kita ningali: punapa Gusti Allah sampun ketingal cetha ing gesang kita? Menawi Gusti Allah taksih katingal samar, mangga kita ngupaya kaleresan lan tumindak sae, supados kita saged ningali Gusti Allah wonten ing gesang kita, lan kita saged nuwuhaken karahayon dhateng tiyang sanes! Amin. [ES].
“Wiwiti saka awake dewe, kaajaiban owah-owahan mesti bakal kelakon.”