Waosan: Maleakhi 2 : 10 – 3 : 1 | Pamuji: KPJ. 52
Nats: “Mulane dingati-ati lan aja nindhakake kaculikan.” (Ayat 16b)
Wong salah ora gelem ngaku salah
Suwe-suwe sapa wonge sing betah
Mripatku uwis ngerti sak nyatane
Kowe selak golek menangmu dewe
Tak tandur pari jebul tukule malah suket teki
Tamtunipun kita wanuh kaliyan ukara ingkang kaserat wonten lagu kanthi irah-irahan “Suket Teki” ingkang dipun kidungaken dening Alm. Didi Kempot punika. Bilih saestu kita raos-raosaken, perangan tembung kalawau sejatosipun dados pepeling bilih ing gesang kita punika taksih kathah tiyang ingkang estunipun salah utawi lepat ananging mboten purun ngakeni kalepatanipun. Sanajan kalepatanipun sampun nyata, wonten buktinipun, ewosemanten tiyang punika taksih selak pados menangipun piyambak utawi “pembenaran diri”.
Ing waosan punika Gusti Allah ngutus nabi Maleakhi supados ngemutaken bangsa Yehuda lan Israel awit kekalihipun sampun sami cidra ing janji, tumindak nista, lan damel sekeling manah Gusti Allah. Ingkang dados jalaran krana bangsa Yehuda punika emah-emah kaliyan tiyang estri manca ingkang nyembah brahala. Prekawis punika ndadosaken bangsa Yehuda mboten setya anggenipun netepi prajanjianipun kaliyan Gusti Allah lan wusananipun dhawah ing dosa. Ewosemanten sadayanipun langkung nuruti hawa nafsu katimbang dados umat ingkang setya tuhu wonten ngarsanipun Gusti Allah. Punapa ingkang dipun tindakaken dening bangsa Yehuda punika lepat, nanging bangsa Yehuda mboten purun ngakeni kalepatanipun punika, punapa malih mratobat. Bangsa Yehuda justru mangkotaken manah lan nanthang pangwasanipun Gusti Allah.
Ing salebeting gesang kita padintenan, kathah prekawis ingkang saged ngeneraken kapitadosan, prajanjian lan kasetyan kita minangka umat kagunganipun Gusti Allah. Umpaminipun: bandha donya, panguwaos (jabatan), lsp. Pramila sumangga kita tansah ngati-ati lan sampun ngantos kita nindhakaken kaculikan (berkhianat) dhumateng Gusti Allah lan sesami. Ing salebeting mangsa Advent punika sumangga kita ugi purun ngakeni kalepatan lan kekirangan kita saha kanthi sadhar purun mratobat, temahan kita ngraosaken sih katresnanipun Gusti Allah. Amin. [Gmbul]
“Wong salah bakal seleh, wong bener mesti jejer.”