Isih Ana Kesempatan Renungan Harian 13 Desember 2019

13 December 2019

Waosan : 2 Petrus 3 : 11 – 18 | Pamuji : KPJ. 161 : 1, 4
Nats:
“Padha saya mantepa enggonmu suméndhé ing sih-rahmaté Gusti, Juru Slamet kita Yésus Kristus, lan mundhaka kawruhmu bab Panjenengané. Sarta kaluhurna Asmané wiwit samengko nganti ing selawas-lawasé. Saka aku, Pétrus “ [ay 18]

Wonten istilah ingkang mboten asing tumrap kita, ing Basa Indonesia kang surasane mangkene “Kesempatan itu tidak datang dua kali”. Tetembungan menika ngandhut teges, kapracayan kang dipara ngake marang sapa wae nanging malah sok ora digunakake utawa tembung menika dianggo kanggo  pitutur tumrap kita supados kita mboten gampang mbucal kesempatan. Ananging menapa leres, gesang wonten ing ngarsanipun Gusti, mboten wonten kesempatan ingkang kaping kalih?

“Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah menika, sedinten sami kaliyan setunggal ewu taun lan setunggal ewu taun sami kaliyan setunggal dinten” (ayat 8). Menika nedahaken bilih etangan manungsa mboten sami kaliyan etanganipun Gusti Allah. Saengga manungsa mboten saged namtokaken kanthi trep kapan rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih wonten ngalam ndonya niki. Wonten ingkang nggambaraken rawuhipun Gusti kanthi ayat 12b. Sedaya tiyang tuwin bangsa – bangsa dipun abenaken wonten ing pengadilanipun Gusti Allah. Nanging, kawusananipun kados prajanjinipun tumrap tiyang pitados bilih wonten langit kang enggal tuwin bumi kang enggal. Gegambaran ingkang mekaten nedahaken bilih rawuhipun Gusti Yesus menika sampun pinesthi wonten ing donya menika. Menawi rawuhipun Gusti menika dereng kaleksanan, ateges Gusti paring kesempatan dhumateng kita para manungsa supados nglampahi gesang ingkang leres, saged nggunakaken gesang menika kanthi sae lan bener lumantar pamratobat.

Ing wekdal menika gesangipun manungsa kathah maneka pambengan / gegumulan. Gesangipun tiyang pitados mboten uwal saking sedaya reribed ingkang wonten, kados “KDRT” (kekerasan salebeting rumah tangga), sesengitan marambah wonten ing pundi – pundi malah ugi saged lumebet wonten ing bebrayat pasamuwan. Rasul Petrus sadar bilih gesang wonten ing alam donya menika namung sekedap lan kahananipun sangsaya kisruh. Pramila gesanging manungsa kedah sangsaya sae lan tandang kaliyan karsanipun Gusti. Sansaya raket anggenipun rumaket kaliyan Gusti lan tansah ajrih asih dhumateng Panjenenganipun lan sansaya ngrembaka wonten gesang kang leres, salebeting pitepangan ing sih rahmatipun Gusti. Amin. (Itha)

“Mboten wonten ukara telat kangge mujudaken  pepenginan kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak