Waosan: Lukas 19 : 28 – 40 | Pamuji: KPJ. 226
Nats: “Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!” (Ayat 38)
Nalika wonten pejabat pamrentahan ingkang ngawontenaken kunjungan ing daerah, asring warga ing daerah punika nyawisaken piranti ingkang sae kagem mapak piyambakipun. Warga daerah punika ngupadi saged ngaturi ingkang sae ing adicara penyambutan, wiwit tarian, papan pilenggahan, dumugi tetedhan. Sadaya dipun cawisaken kanthi sae lan kanthi manah ingkang bingah. Sadaya ingkang dipun cawisaken lan dipun aturaken punika dados tandha sokur awit sampun dipun tuweni dening pemimpin ingkang wigati tumrap sadaya warganipun.
Para tiyang ingkang sami ndherekaken Gusti Yesus tindak kutha Yerusalem ugi nindakaken bab ingkang sae. Wiwit tiyang ingkang kagungan kuldi ngeparengaken kuldinipun dipun agem Gusti Yesus, para sakabat ingkang njereng jubah ing margi, mekaten ugi para tiyang ingkang sami giyak-giyak lan memuji Gusti Allah. Sadaya punika wujud kabingahanipun para tiyang ingkang ndherekaken Gusti Yesus mlebet ing kutha Yerusalem. Tiyang-tiyang punika rumaos bilih Gusti Yesus ingkang rawuh punika Sang Prabu ingkang agung. Sang prabu sejati ingkang badhe ndadosaken kahanan gesang para tiyang punika langkung sae. Ananging para tiyang Farisi ingkang sami ndherek mapak Gusti Yesus mboten ngraosaken kabingahan, malah ndukani para tiyang ingkang sami giyak-giyak punika. Kahanan ingkang mekaten dipun rasosaken dening para tiyang Farisi awit tiyang-tiyang punika mboten ngrumaosi bilih Gusti Yesus ingkang rawuh punika Sang Prabu sejati ingkang kebak kamulyan.
Dinten punika kita sadaya mengeti Minggu Palmarum, tegesipun kita mengeti Gusti Yesus ingkang rawuh ing Yerusalem mapak kasangsaran lan salib. Gusti Yesus punika Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran. Gusti Yesus punika kebak kamulyan lan ingkang paring gesang langgeng lumantar seda-Nipun. Pramila sumangga kita sami mapak Gusti Yesus kanthi sukabingah. Kita sami giyak-giyak lan ngluharaken Gusti Yesus kanthi saestu, awit agung sanget ingkang dipun paringaken Gusti dhateng gesang kita. Amin. [GW].
“Hosiana… Gusti rawuh maringi sih rahmat.”