Waosan : Daniel 6 : 1 – 28 | Pamuji : KPJ. 74 : 1, 2
Nats: “Allah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa menika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun, …” (Ayat 23).
Tiyang Jawi menika gadhahi pemanggih “bilai slamet” ingkang tegesipun senajan tiyang menika nampi kacilakan, musibah, kaapesan ananging piyambakipun taksih saged mastani wilujeng. Contonipun wonten setunggaling ibu ingkang dipun jambret kalung emasipun kaliyan maling. Nalika tiyang-tiyang kampung sami ngertakaken kedadosanipun, ibu menika matur, “Aku pancen apes dina iki, kalung emasku dijambret maling, nanging aku uga tetep saos sokur marang Gusti Allah, sanajan aku kelangan kalung emasku, aku ora sampai kelangan nyawaku, awakku isih slamet.”
Waosan kita dinten menika nyariosaken Dhaniel ingkang dipun lebetaken luwenging singa. Nalika semanten Prabu Darius miji Dhaniel dados salah setunggal panggedhening Karajan Babel. Anggenipun Dhaniel dados panggedhening Karajan Babel menika dadosaken para panggedhe sanesipun iren. Lajeng ngupaya reka daya pados kalepatanipun Dhaniel supados saged dipun ukum ngangge cara dipun lebetaken luwenging singa. Dhaniel lajeng dipun tangkep lan dipun lebetaken luwenging singa, nanging ngantos sedalu muput singa-singa menika boten purun nedha Dhaniel. Dhaniel tinemu wilujeng, boten kirang Menapa-Menapa. Sedaya menika awit pitulunganipun Gusti Allah ingkang tansah nunggil lan njagi Dhaniel. Saking kedadosan menika Dhaniel nampi berkah, Prabu Darius maring Dhaniel kalenggahan ingkang inggil ngantos jamanipun Prabu Koresy.
Kita gesang tamtunipun boten lepat saking pacoben. Pacoben menika kedahipun saged dadosaken kita sansaya rumaket dhateng Gusti Allah, tetep pitados lan setya dhateng Gusti Allah. Kita pitados bilih gesang kita menika namung wonten ing astanipun Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Mekatena ugi kita setya netepi lan nindakaken karsanipun Gusti Allah. Karana menika nalika kita ngadepi pacoben ingkang dadosaken kita cilaka, apes lan nampi musibah sampun ngantos dadosaken kita semplah. Mangga kita namung mandheng Gusti Yesus Kristus ingkang dados sumbering pitulungan kita. Kados Dhaniel ingkang nampi kawilujengan ing satengah-tengahing bebaya, mekaten ugi kita badhe nampi kawilujengan nalika kita masrahaken sawetah gesang kita ing ngarsanipun. (AR)
“Padha sowana marang Gusti Yesus ingkang dadi Juru Slamet kang sejati, awit pitulunganipun menika nyata kangge kita.”