Waosan: Wahyu 15 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 351
Nats: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Maha kuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!” (Ayat 3b)
Mboten wonten tiyang ingkang ngersakaken gesangipun nandhang sangsara ing donya punika. Ananging kasangsaran punika asring sanget kita raosaken ing gesang kita sadinten-dinten. Mila ingkang penting mboten kados pundi kita nyelaki kasangsaran punika nanging kados pundi sikep kita ingkang leres anggenipun ngadhepi kasangsaran punika.
Ing Wahyu 15:1-4, Rasul Yokanan ingkang kabucal ing pulo Patmos pikantuk pangertosan ingkang ageng bab para martir. Piyambakipun ningali para martir ingkang jumeneng wonten sapinggiring segara kaca ingkang campur geni. Para martir punika sampun ngalahaken kakiyatan piala lan sapunika ngidungaken kidung Musa lan kidungipun Sang Cempe. Kidung Musa paring pepenget dhateng kaunggulanipun bangsa Israel ingkang saweg nyabrang Sagara Abrit, dene Kidung Sang Cempe punika swara kaunggulanipun Sang Kristus. Pangidung punika nedahaken kaluhuran, kaadilan, lan kasucenipun Sang Yehuwah. Para martir saged kiyat ngadhepi sadaya kahanan awit gesangipun kebak panguwaos Sang Kristus sarta pitados bilih kuwaosipun Gusti Allah ngungkuli sadaya kasangsaran ingkang dipun raosaken manungsa.
Imanipun para martir punika saged dipun wastani kados bal (bola). Bal punika menawi dipun banting utawi dipun tendang saged mendhal/mantul tansaya inggil. Mekaten tiyang ingkang nggadhah iman kados punika, piyambakipun nggadhahi pamanggih bilih kasangsaran punika ndadosaken gesangipun tansaya kiyat. Tiyang Kristen ingkang nggadhah iman punika saged tatag lan tanggon dumugi pungkasaning gesang. Benten kaliyan tiyang ingkang imanipun kados “genteng”. Genteng menawi dipun banting langsung ajur-mumur. Mekaten gambaran iman ingkang kados genteng, nalika piyambakipun ngadhepi pacoban utawi kasangsaran, tamtu gampil semplah manahipun. Saking kalih conto punika, kita saged niti priksa, wonten gesang kita, “Iman kados pundi ingkang kita nggadhahi?” Tamtu ingkang dados pangajeng-ajeng, kita nggadhah iman kapitadosan kados bal, kados dene para martir ing waosan kita. Sanadyan kita ngalami kahanan gesang ingkang awrat, kita mboten badhe nilar iman kita dhumateng Gusti Yesus awit kita pitados kuwaosipun Sang Kristus tansah nyarengi lan ngrengkuh lampah gesang kita saben dinten. Amin. [iv].
“Sing sapa teteg tatag tanggon bakal raharja!”