Nuntasaken Tetandhingan Pancaran Air Hidup 13 Agustus 2024

13 August 2024

Waosan: 2 Petrus 3 : 14 – 18  |  Pamuji: KPJ. 418
Nats: “Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.” (Ayat 14)

Novel Ayah anggitanipun Andrea Hirata nyariosaken bab Sabari, piyantun prasaja ingkang mataun-taun kecalan putranipun. Mireng putranipun sampun kapanggih, Sabari ndherek lomba marathon awit kepingin ndamel putranipun bangga. Sabari kawon kaliyan pelari ingkang anem. Sukunipun sakit. Para pelari sanesipun sampun dumugi garis finish, tetandhingan sampun rampung. Ananging kanthi eluh tumetes, Sabari terus mlajeng. Tekadipun kukuh, saderengipun dumugi garis finish, Sabari mboten badhe kendel. Pungkasanipun, Sabari dumugi garis finish. Sabari kawastanan pemenang sejati, kajurung katresnan dhateng putranipun, piyambakipun ngawonaken winatesing dhiri lan nuntasaken tetandhingan klayan kasetyan.

Gesangipun tiyang Kristen punika kagambaraken kados tetandhingan, mbetahaken tekad kangge nuntasaken tetandhingan punika kanthi sae dumugi kalanggengan. Dintenipun Gusti mboten dipun rantos kanthi mendel kemawon. Kesempatan gesang kedah dipun ginakaken kagem nindhakaken pakaryanipun Gusti, sinaosa kathah tantangan. Petrus ngemutaken pasamuwan Kristen wiwitan supados ngrantos dintenipun Gusti klayan kasetyan lan pambangun turut. Pasamuwan tansah mbudidaya gesang ing kayekten, satemah tinemu tanpa cacad ing ngarsanipun Gusti. Pambudidaya punika ngginakaken tembung Yunani “spoudazo” ingkang tegesipun ngupados kanthi temen, tekun sarta nindakaken kanthi sawetahing gesang. Samangsa ngrantos rawuhipun Gusti kedah tumindhak aktif, nglampahi karsanipun Gusti ing jagad.

Tiyang Kristen kapurih mboten ngrantos rawuhipun Gusti Yesus tanpa nindakaken punapa-punapa. Punapa malih namung maelu karemaning dhiri, mburu hawa nepsu, sarta gesang sembrana. Kita kedah nuntasaken tetandhingan iman kanthi ngayati timbalan ndherek mujudaken pakaryanipun Gusti. Pramila kita mboten namung nampi kawilujengan kemawon, ananging kita ugi kedah mbabaraken pakaryanipun Gusti sacara nyata ing gesang punika. Awit gesang kita mboten namung kangge dhiri sarta kawilujengan ing swarga, ananging ugi timbalan mujudaken tentrem rahayu ing jagad samangke. Amin. [wdp].

“Ngrampungaken tetandhingan iman mbetahaken tekad lan semangat sinaosa lampah gesang karaos awrat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak