Etuk Pancaran Air Hidup 13 Agustus 2021

13 August 2021

Waosan : Ayub 12 : 1 – 25 | Pamuji : KPJ. 115 : 1, 4
Nats:
“Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos. Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.” (Ayat 13).

Etuk utawi sumber punika punjer utawi papan panggenan asalipun toya. Toya punapa kemawon: toya sumur, toya lepen, toya seganten, lsp. pinangkanipun mesthi saking etuk kalawau. Tanpa wontenipun toya ingkang mili saking etuk, sedaya ingkang kasebat kalawau mesthi boten wonten toyanipun. Pramila manawi kepingin nampeni ilining toya ingkang lancar lan ajeg, prayogi ngupados dhateng etukipun. Amargi manawi namung mendhet saking papan panggenan lintunipun, ingkang sanes etuk, gampil asat lan katelasan. Dene manawi mendhet saking etukipun mesthi boten badhe kasatan lan katelasan.

Sabda pangandikanipun Gusti ing dinten punika paring pitedah bilih Panjenenganipun punika ingkang kagungan kawicaksanan lan pangwaos, saha ingkang dados etuking pangulir budi lan kawasisan (ayat 13). Kanthi makaten, sok sintena kemawon ingkang kepingin nggayuh pangertosan lan kawasisan kedah nyenyuwun dhateng Gusti Allah. Sampun ngantos klentu kiblat, pados ing papan sanes sak njawining Gusti Allah. Papan sanes punika saged arupi: ngandelakan kapinteranipun piyambak, dukun, klenik, gugon-tuhon, kelu ombyaking donya lan sapiturutipun. Ayub paring paseksi bilih Gusti Allah punika Mahakwaos lan Mahawicaksana tuking pangertosan lan kawasisan.

Manjing pitados dhateng Gusti Allah lan Gusti Yesus punika boten cekap manawi namung pitados bilih Panjenganipun punika wonten satunggal. Yen namung kandeg dumugi samanten, setan ugi pitados. “Kowe pracaya manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku banjur padha gumeter” (Yakobus 2:19). Pitados dhateng Gusti Allah lan Gusti Yesus kedah dipun kantheni pambangun turut ingkang kanthi sawetahing gesang. Awit tumrap para pitados, kedah nggadhahi kapitadosan ingkang saestu bilih Panjenenganipun Mahakwaos lan Mahawicaksana. Sedaya ingkang kadhawuhaken lan dipun kersakaken punika sae, leres, lan mesthi tumuju dhateng kawilujengan. (esje).

 “Wedi asih marang pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak