Waosan : Purwaning Dumadi 42 : 1 – 28 | Pujian : KPJ. 431
Wonten salah satunggalipun piyantun ing gesangipun tansah bingah saha tentrem rahayu. Resepipun prasaja, piyambake kagungan 2 kantong, ingkang setunggal kantong ngandap wonten bolonganipun, kantong ingkang nomor kalih ngandap mboten wonten bolonganipun alias buntet. Kantong ingkang bolong kangge ngadahi saben wonten paidonan, fitnah, suanten ingkang mboten sekeco dhateng kuping utawi mboten ngremenaken manah. Sedaya ingkang mboten sae dipun lebetaken dhateng kantong bolong. Lajeng kantong ingkang buntet, kangge ngadahi bab-bab ingkang kapireng sae, dipun serat lajeng kalebetaken dhateng kantong buntet. Menawi wanci sampun ndungkap dalu, piyantun kalawau ngrogoh kantongipun lajeng dipun waos ngantos gumujeng saha manahipun bingah karana ingkang diwaos saking kantong ingkang buntet isinipun sae-sae karana kantong ingkang bolong mboten wonten isinipun.
Sederek ingkang kinasih carios punika ngemu piwucal kangge kita. Supados kita saged ngesupekaken pengalaman-pengalaman ingkang boten sae. Punapa kita ugi saged kados piyantun ingkang wonten inggil kalawau? Nyimpen pengalaman ingkang sae lan ngesupekaken pengalaman ingkang mboten bingahaken.
Yusuf estunipun tansah ngenget-ngenget ingkang sae dumateng para sederek-sederekipun. Yusuf saged ngesupekaken punapa ingkang sampun dipun sandang rikala sederekipun tumindak ingkang awon dumateng piyambakipun. Yusuf enget nalika dipunsade dhateng Mesir, dipunlebetaken dhateng sumur. Secara kamanungsan Yusuf ngantos muwun ananging karana welas asih dhateng para sederekipun, Yusuf saged ngapunten kalepatan sederekipun katitik purun paring pambyantu rikala sedereke nemahi paceklek. Panuntun lan pagreksanipun Gusti, boten namung nedahaken arah margi ingkang bade kaambah. Ananging panuntunipun Gusti ugi kangge ngladi, mucal kita kados pundi manggihaken cara nglampahi gesang. Yusuf nedahaken mode gesang ingkang kebak katresnan tanpa dendam lan benci.
Kita dipun atag namung ngeling-eling ingkang sae kemawon awit menawi kita tansah ngeling-eling ingkang awon badhe ndadosaken manah kita kuciwo, semplah lan pepes ing pangajeng-ajeng. Menawi kita ngeling-eling ingkang Sae manah kita badhe tansah ngraosaken tentrem, saged maringi semangat anggen kita nglampahi gesang peparingipun Gusti. Gusti Mberkahi kita. Amin. [Murja]
“Tiyang ingkang nyimpen dendam, kados tiyang nyimpen sampah.”