Waosan: Jabur 139:1-6 | Pamuji: KPK 69
Nats: “Dhuh Allah, Paduka sampun njajagi sarta pirsa menggah kawontenan kawula.” (ayat 1)
Punapa panjenengan taksih enget salah satunggaling dolanan jaman rumiyin, inggih punika jumpritan utawi “petak umpet” (Ind.)? Dolanan punika adatipun dipun lampahi dening para lare. Ing dolanan punika lare ingkang kawon (biasanipun mawi hom pim pa) kedah nutup mripatipun, ngadhep ing tembok utawi cagak, sadangunipun lare-lare sanesipun sami singidan. Sasampunipun para lare ingkang sami ndelik ngungel “wis”, lare ingkang kawon kalawau kedah madosi para lare ingkang sami singidan kalawau ngantos pinanggih. Punapa sedaya lare ingkang sami ndhelik saged dipun panggihaken? Mboten sedaya! Lare ingkang kawon punika asring mboten saged manggihaken para lare ingkang sami singidan. Punapa panjenengan ugi “jago” singidan menawi ndherek dolanan punika?
Mbok menawi rumiyin kita “jago” singidan ing dolanan jumpritan. Nanging pitakenan kangge kita, punapa kita saged singidan saking Gusti. Sang Pemazmur ngengetaken kita kados ing waosan dinten punika: “Dhuh Allah, Paduka sampun njajagi sarta pirsa menggah kawontenan kawula”. Saking dhawuh punika kita saged mangertosi bilih Gusti Allah punika Allah ingkang Maha Mirsa. Gusti saged njajagi lan mirsani kawontenaning gesang kita. Kita mboten saged singidan saking Gusti. Kita mboten saged jumpritan kaliyan Gusti. Wonten pundhi kemawon kita sami singidan, Gusti pirsa. Sae perkawis ingkang sae, mekaten ugi ingkang awon Gusti mirsani. Kita tamtu bingah menawi Gusti Maha Mirsa. Menawi kita ngraosaken momotaning gesang ingkang awrat, Gusti mboten badhe negakaken. Panjenenganipun badhe paring pangrimatan lan kekiyatan dhateng kita. Kita ugi saged tansah ngatos-atos anggen kita sami nglampahi gesang. Awit Gusti Maha Mirsa, kita tansah saged mawas dhiri, mboten gampil nglampahi tindhak-tandhuk ingkang mboten nyondhongi ing karsanipun. Sampun ngantos kita sengaja tumindhak awon, Gusti mirsani. Amin. (SWT).
“Telung perkara kang ora bisa didhelikake: srengenge, rembulan lan kabeneran”