Waosan : Daniel 9:1-19 | Pamuji : KPJ.452 : 2, 4
Nats: “Dhuh Pangéran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem,…” (ay. 16)
Ing satunggal wekdal wonten laré ingkang tangi saking anggènipun tilem, ketawis radi kesusu piyambakipun adus lajeng cecawis badhé bidhal sekolah. Nyumurupi prekawis punika, si Mbokipun lajeng pitakèn, “Lé… sampéyan arep nyang ngendi?” Si laré kalawau kaliyan radi kesusu anggènipun sepaton ngwangsuli, “Si Mbok iki isuk-isuk ngejak guyon… Jelas-jelas aku gawé sragam sekolah ditakoni arep nyang ngendi…?”Si Mbok ipun kaliyan mesem celathu, “Wo alah Lé. Le.. mulané tangia dhisék.. Saiki ngono soré, dudu isuk…“. Mandheg anggènipun nalèni sepatu, “Tenané Mbok… ?! Sampéyan kok ya ora ngélingné aku kèt mau ta Mbok.. Ngertia ngono tak tutugné nèkku turu..”.
Sedaya ingkang kita tindakaken ing pigesangan punika tamtu wonten dhasaripun utawi motivasi-nipun. Kados déné laré ing conto kalawau, anggènipun tangirikat lan lajeng adus, inggih awit piyambakipun nggadhahi krenteg badhé bidhal sekolah, lan supados boten telat. Mekaten ugi Daniel, anggènipun kumowantun nyuwun supados deduka saha bebendunipun Gusti Allah sumingkir saking Yerusalem, sedaya punika ugi tamtu wonten dhasaripun utawi motivasi-nipun. Lan menawi kita maos kanthi tliti waosan kita, mila kita badhé mangertos bilih kumowantunipun Daniel punika adhedhasar pangajeng-ajeng ingkang saèstu tuwuh saking manah mujudaken gesang ing kamulyan. Awit rikala semanten Daniel lan tiyang-tiyang sa’bangsanipun gesang wonten pangrèhing bangsa sanès.
Sampun sa’mesthinipun saben kita para pitados nggadhahi pangajeng-ajeng kados déné Daniel, mujudaken gesang mulya. Pangajeng-ajeng ingkang luhur kalawau dados dhasar utawi motivasi anggènipun kita sami tumindak ing sadhéngah lampah gesang punika. Krenteg badhé tuwuh menawi wonten motivasi saking lebeting manah. Kinanthènan kapitadosan dhateng Gusti, mila gesang ing kamulyan tamtu badhé dados kasunyatan. … [wn]
“Pancèn kabèh padha péngin urip mulya.. Wiwitan rekasa pancèn nyata. ”(Koes Plus,1974)