Waosan: 1 Timoteus 1 : 1 – 11 | Pujian: KPJ. 320
Nats: “Kita padha sumurup, yen angger-anggering Toret iku becki, manawa bener anggone ngecakake.” (Ayat 8)
Ing taun punika asring sanget kita mireng berita bab waspada ngonsumsi obat-obatan medis mliginipun jenis antibiotik. Obat medis jenis antibotik punika sejatosipun sae kangge nglawan penyakit ingkang dipun sebabaken karana bakteri. Nanging kita mboten saged asal ngunjuk obat jenis antibiotik punika, awit kita kedah priksa dhateng dokter rumiyin. Lajeng dokter paring resep obat antibiotik punapa ingkang cocok lan kados pundi aturanipun nalika ngunjuk obat punika. Ing sasisih, taksih kathah apotik ingkang ngeparengaken tiyang-tiyang tumbas obat antibiotik sinaosa mboten ngagem resep dokter. Bab punika ndadosaken kathah tiyang ingkang langkung dangu sakitipun, malah tuwuh penyakit ingkang enggal, lan ingkang bebayani inggih punika ndadosaken pejah karana lepat anggenipun ngunjuk obat. Sedaya jenis obat-obatan medis punika saestu sae bilih dipun agem kanthi tepat sasaran.
Mekaten ugi anggenipun rasul Paulus nyerat layang kagem Timoteus inggih supados Timoteus purun ngemutaken tiyang-tiyang ing Efesus supados mbabaraken piwucal ingkang sae lan tepat sasaran. Awit kadadosan, wonten tiyang-tiyang ing Efesus ingkang paring piwucal lepat lan mboten mucal bab kawilujengan saking Gusti (Ay. 4, 6). Piwucal punika lepat karana mboten kalairaken saking manah ingkang resik lan pamanggih ingkang leres bab punapa ingkang badhe dipun wucalaken. Rasul Paulus paring gambaran kadosdene angger-anggering Toret punika sae lan saestu migunani kangge tiyang murangsarak, tiyang lamis, tiyang dosa, lan tiyang ingkang gesangipun mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Lumantar pamedharing angger-anggering Toret punika ndadosaken tiyang-tiyang ingkang risak gesangipun dados langkung prayogi.
Piwucal ingkang sae asalipun saking Gusti Allah, ingkang kababaraken dening para utusanipun Gusti Allah supados saged dados pasinaon para tiyang pitados. Ananging saderengipun mbabar piwucal saking Gusti Allah, sang utusan punika kedah mangertos langkung rumiyin punapa ingkang dados isinipun, supados nalika kababaraken, sedaya punika tepat sasaran lan dados berkat. Kitab Suci punika dhawuhipun Gusti ingkang kedah kababar kagem mranata gesangipun sedaya tiyang pitados. Nanging saderengipun mbabar dhawuhipun Gusti, langkung rumiyin kita kedah mangertos punapa isinipun, supados nalika kita mbabaraken dhawuhipun Gusti, sedaya punika tepat sasaran lan migunani. Amin. [GW].
“Dhawuhipun Gusti dados obat ingkang manjur.”