Waosan: Para Hakim 15 : 9 – 20 | Pamuji: KPJ. 338
Nats: “Pangandikane Sang Simson marang wong iku: “Kowe padha sumpaha marang aku yen kowe dhewe bakal ora ngrubut aku.” (Ayat 12)
Asring kita nggadhah pamanggih ingkang dipun wastani mengsah inggih punika tiyang sanes ingkang sampun ndadosaken gesang kita sangsara, ingkang sampun nglarani lan ngancem gesang kita. Pamanggih punika mboten mesti leres, amargi mengsah punika asring tuwuh saking manah kita piyambak, inggih punika ingkang kasebat raos ajrih. Salah satunggalipun raos ajrih anggenipun kita nanggepi tumindak tiyang sanes. Umumipun raos ajrih mboten namung murugaken kesehatan mental pribadi, nanging ugi saged murugaken cecongkaran/ pasulayan ing salebeting gesang masyarakat.
Makaten ingkang kelampahan ing suku Yehuda. Yehuda nemahi gesang ingkang ewet nalika gandumipun tiyang Filisti ingkang siap panen, dipun obong dening Simson. Prekawis punika jalaran Simson nampi pepacuh manggihi semahipun, ing pundi semahipun dipun pasrahaken dhateng tiyang sanes. Amargi ajrih dipun serang tiyang Filisti, tiyang Yehuda manggihi Simson, sanes kangge nyengkuyung lan nunggil nglawan tiyang Filisti, nanging kangge masrahaken Simson dhateng tiyang Filisti. Karana pangwasaning Gusti Allah, Simson saged oncat saking bestan dadhung. Tamtu punika dados kaprihatosan ageng, awit tiyang Yehuda komplotan kaliyan mengsah lan masrahaken Simson dhateng tiyang Filisti. Minangka hakim, Simson mangertos bilih piyambakipun selak masrahaken dhiri dhateng mengsah, punika saged murugaken kasangsaran ageng dhateng bangsanipun, karana punika Simson pasrah. Upamia Simson mbela diri, punika ateges kedah nglawan rakyatipun piyambak. Upamia piyambakipun mlajeng, punika badhe nilar 3.000 tiyang Yehuda dados mengsah empuk kangge tantara Filisti. Keputusan Simson punika mboten dipun mangertosi dening tiyang Yehuda. Saged dipun wastani, bilih tiyang Yehuda ajrih, lan repot kangge pados kaslametan piyambak.
Raos ajrih punika sifat kamanungsan ingkang limrah. Raos ajrih dados sinyal ingkang saged mbiyantu manungsa nebihi bilai. Nanging raos ajrih ingkang linuwih ngantos murugaken katentreman piyambak lan tiyang sanes punika prekawis ingkang bebayani. Sapinten ageng raos ajrih kita? Mangga kita saged ngadepi raos ajrih ing gesang kita srana kakiyatan saking Gusti. Amin. [ES].
“Namung ajrih dhumateng Gusti nuwuhaken pangajeng-ajeng”