Waosan : Pangentasan 14: 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 124
Nats: “Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.“ [ay 14]
Yen kita ndlajahi daerah Malang Kidul, saged kapirsan papan punika kados anakan gunung ingkang mapan sesandhingan. Dhateng papan punika, kathah warga ingkang ngupadi berkah, nanem cengkeh, kopi, pisang, lsp. Kagem para warga, margi padintenan tumuju dhateng kebon inggih cekap saking cor-coran satunggal meter wiyaripun. Kamangka sanes margi ingkang lurus utawi kepenak, ananging wujud saking margi punika ewed tur jejeg. Awit margi punika dipun damel kanthi tujuan supados tetiyang saged nglangkungi gunung-gunung kalayan dikebat.
Dhateng ngriku wonten satunggal margi ingkang gadhahi tetenger, “Jurang Rangkok.” Saking tetenger kemawon, kados-kados margi punika ewed tur mbebayani. Pancen kathah kendaraan utawi sepeda motor nalika sampun nglangkungi margi punika ngantos dhateng nginggil, sami nglerenake mesin. Karana mesin dipun peksa supados saged nglangkungi papan ingkang inggil saha sawetawis tebih kalampahan. Istilah ingkang asring dipun ginakaken inggih “ngademke mesin.”
Gegandhengan kaliyan waosan kita, Gusti Allah, Sang Yehuwah, maringi dhawuh supados bangsa Israel punika meneng rumiyin. Boten malah sesambat awit rumaos ajrih. Pancen umpami kita galih, tamtunipun raos ing manah bangsa Israel sami trataban, nalika ningali wadya-bala saking Prabu Pringon sampun nututi. Panas ing ati ugi sumelang bab kawilujengan katingal nalika bangsa Israel pocapan bilih pangirid medal saking Mesir namung kagem nemahi pejah ing pasamunan. Pramila sarana Nabi Musa, Gusti paring Dhawuh: “Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”
Sacara jujur kita asring nyumelangake bab gesang kita. Nalika ngadhepi momotan lan prekawis ingkang ewed, kita boten saged menggalih kanthi padhang. Malah namung sesambat dhateng Gusti. Sakmangke kita dipun engetaken dening Sang Yehuwah, bilih Panjenenganipun ingkang badhe nyarirani ngadhepi prekawis ewed ing pigesangan kita. Supados kita saged mangertos punapa ingkang badhe katindakaken dening Allah, kita prelu lerem rumiyin, meneng lan ndedonga. Kados mesin, kita ugi prelu ngadem rumiyin, sinambi nyuwun panuntun Allah. (nadi)
“Tan anut enthenging lidhah, anut pikir kang sayekti.” (Paulus Tosari)