Waosan: Jabur 111 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 436
Nats: “Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.” (Ayat 5)
Pamuji saking KPK. 121 Kinanthi Ing Gusti nyebataken bilih Gusti Yesus punika Pangen ingkang sejati. Gusti ingkang agung sih katresnan-Ipun sarta tansah nganthi lampah gesang para umat-Ipun. Lumantar pepujian punika, para umat dipun ajak sami masrahaken sadaya lampah gesangipun wonten ing Astanipun Gusti. Para umat kedah pitados bilih wonten ing panganthinipun Gusti, para umat badhe kacekapan dan binerkahan.
Pangaken punika ugi ingkang dados pangakenipun Sang Juru Mazmur anggenipun nyekseni pakaryan lan sihipun Gusti Allah. Ing waosan kita, Juru Mazmur ngaturaken pamuji sokur dhumateng Gusti Allah klayan gumolonging manah. (Ay. 1). Piyambakipun ngakeni bilih Gusti Allah punika sampun nedahaken kabeneran lan kaadilan dhateng manungsa (Ay. 3). Panjenenganipun punika kebak asih mirma sarta kawelasan (Ay. 4). Mekaten ugi saben tiyang ingkang setya ngabekti dhumateng Gusti, tansah kaparingan kacekapan lan pangan (Ay. 5), gesangipun tansah kiyat ngadhepi mawarni-warnining panggodha (Ay. 6). Karana punika, Sang Juru Mazmur ngajak dhateng para umat kangge nindakaken kabeneran lan kaadilan wonten salebeting gesangipun. Para umat dipun suwun supados ajrih asih dhumateng Gusti, awit namung Gusti Allah kemawon ingkang dados sumbering kawicaksanan lan gesang langgeng (Ay. 10).
Ing wulan ekumene punika, kita saged ngraosaken agung lan luhuripun Gusti Allah ingkang setya nganthi gesang kita. Kita dipun paringi daya kakiyatan lan kawicaksanan kangge mbangun gesang paseduluran kaliyan sadherek-sadherek kita lintas denominasi greja lan lintas iman. Bilih sapunika kita saged gesang rukun kaliyan para sadherek kita ingkang benten greja lan benten iman punika wujud berkahipun Gusti kangge kita. Bilih kita taksih saged makarya mujudaken misi kemanusiaan sesarengan, punika nedahaken bilih Gusti Allah karsa makarya salebeting gesang kita. Karana punika, ing wulan ekumene punika, sumangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti ingkang sampun nganthi gesang kita. Mekaten ugi mangga kita sesarengan kaliyan para umat sanesipun sami makarya sesarengan nindakaken kabeneran lan kaadilan ing satengah-tengahing gesang kita. Amin. [AR].
“Gusti Yesus nganthi kita ing kahanan punapa kemawon wonten gesang kita.”