Sendika Dhawuh Pancaran Air Hidup 11 Oktober 2024

11 October 2024

Waosan: Pangandharing Toret 5 : 22 – 33  |  Pamuji: KPJ. 205
Nats: “Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.” (Ayat 32)

Kita tamtu nate mireng abdi ingkang matur dhateng bendharanipun ingkang mekaten: “Sendika dhawuh Gusti.” Prekawis punika kita panggihi menawi kita mirsani ketoprak utawi pagelaran ringgit. Punapa tegesipun sendika dhawuh punika? Sendika dhawuh tegesipun kula sedya nglampahi dhawuh. Abdi tansah sedya nglampahi dhawuh bendharanipun lan mboten badhe nyimpang. Anggenipun matur punika dipun lampahi kanthi ndingkluk, minangka wujuding raos urmat lan sumadya nglampahi dhawuh bendharanipun. Punapa panjenengan nate nglampahi, menawi tiyang sepuh utawi tiyang ingkang langkung inggil pangkatipun dhawuh, ugi matur “sendika dhawuh”? Ing ngriki ingkang wigatos mboten namung matur kemawon, nanging ingkang langkung wigatos inggih punika mujudaken kanthi saestu lan saged mbuktekaken punapa ingkang dipun dhawuhaken.

Bangsa Israel asring mboten saged nglampahi punapa ingkang  dipun dhawuhipun Gusti Allah. Mila saking punika, Nabi Musa ngengetaken bangsa Israel supados saged nglampahi dhawuhipun Gusti kanthi saestu. Punika kelampahan sasampunipun Nabi Musa nampi Pangandika Sedasa. Kados ingkang kaserat ing ayat 32, “Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen”. Saged nglampahi dhawuhipun Gusti Allah kanthi saestu dados prekawis ingkang wigatos, minangka pratanda pasrawungan kita kaliyan Gusti Allah ingkang caket.

Kados pundi kaliyan gesang kita samangke? Punapa kita tansah sendika dhawuh nindakaken pangandikanipun Gusti Allah ingkang kaserat ing Kitab Suci? Mangga kita ing wekdal punika, kita nggadhah tekad tansah setya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi saestu. Sampun  ngantos kita nyimpang mangiwa utawi manengen, nanging sumangga kita tansah dados umatipun Gusti ingkang “lurus”, ingkang setya nindakaken sadaya dhawuhipun Gusti Allah kanthi teman-temen. Amin. [SWT].

 “Sabdèng Allah Hyang Widi ngrimat sagung dumadi.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak